GUNUNG TIDAR

Gunung Tidar dumunung ing Magelang Jawa Tengah, Tidar mujudake gunung kang cilik kang luwih memper gumuk. Senajan mung gunung kang cilik ananging ora kalah moncere saka gunung Merapi utawa Gunung Merbabu. Kon ora moncer piye yen gunung cilik kuwi disebut-sebut dadi pakuning tanah Jawa. Kepriye rarahane nganti Tiadar, gunung kang cilik kuwi disebut minangka pakuningntanah Jawa? Salah sawijining sumber nyritakake kaya ing ngisor iki: Rikala jaman kuna, amarga wujude cilik, Tanah Jawa kuwi kampul-kampul ing tengah laut, kerep ngolah-ngalih amarga katut ombak. Malah kadangkala yen mangsa ombak gadhe pulo Jawa iki kerep ilang amarga temangsang ing pulo-pulone liya kang luwih gedhe. Ngolah-ngalihe Tanah Jawa mau kerep gawe bingunge para dewa kang arep sowan marang Kyai Semar, kacarita ndek jaman semana Kratone Semar kuwi ana ing Tanah Jawa. Salah sawijining dina, Para dewa ing Khayangan arep padha nganakake rembugan. Ngrembug babagan uripe manungsa ing alam donya iki, gegayutan karo perkara mau para dewa konkonan rewange kanggo marani Semar supaya teka menyang Khayangan saperlu melu rembugan. Anangin merga sewengi ombake gedhe banget, utusan mau ora bisa nemokake pulo Jawa. Utusan mau bali maneh ing kayangan banjur matur bilih pulo Jawa ilang, digoleki ing kiwa-tengene meksa ara ana. Krungu kabar kaya mau para dewa dadi bingung, eneng ngendi sejatine pola Jawa kiwi keli. Bareng didelok nganggo kaca benggala jebule pulo Jawa mau temangsang ing panggonan kang wujude memper endhas manuk. Nganggo kekuatan ghaibe para dewa pula Jawa ditarik, dibalekake ing panggonane maneh. Bareng pulo Jawa wis mbalik ing panggonane, Semar didawuhi sowan ing Khayangan. Sak tekane Semar tekan Khayangan, para dewa sida ngrembugake kabeh babagan uripe para manungsa. Perkara ngolah-ngalihe pulo Jawa uga ora lali padha dirembug. Semar ngusulake kepriye yen pulo Jawa kuwi dicancang wae, nanging dicancang karo ngendi yo dheweke isih mikir. Nanging bareng dipikir-pikir, yen dicancang, tali sing kanggo nyancang mau bakal ngalang-alangi lakune menungsa. Ujug-ujug ana dewa kang ngusulake bakal luwih becik yen pulo Jawa kuwi dipaku wae. Krungu usul mau para dewa padha manthuk-manthuk ateges sarujuk. Para jim bikongkom ngusungi lemah saka Khayangan kanggo maku Tanah Jawa. Kaping pisan dijajal dipaku sisih kulon, bareng dipaku sisih kulon nyatane malah njomplang ngulon. Bareng kulon njomploang banjur sisih wetan kang dipaku, jebul paku ing sisih wetane luwih gedhe dhadekake pulo Jawa njomplang ngetan. Wis dipaku wetan kulon tetep urung kasil, akhire dijajal dipaku ing tengah nganggo paku kang cilik. Kenapa paku cilik? Amarga tengah-tengahe pulo jawa kuwi mbangkek, yen pakune gedhe-gedhe samar nek pulo Jawa malah tugel. Bareng dipaku tengahe, pulo jawa mau anteng, ora gonjang-ganjing apa maneh njomplang. Paku cilik kuwi awujud gunung, yaiku gunung Tidar. Manut critane, menawa gunung Tidar kang dadi pakune tanah Jawa mau ilang, ing tanah Jawa iki arep ana banjir bandhang.

Tinggalkan komentar

Belum ada komentar.

Comments RSS TrackBack Identifier URI

Tinggalkan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s