Gapura Majapahit ing desa Rondole

Ing desa Rondole kecamatan Margorejo kabupaten Pati iku saka Majapahit. Bangunan kuwi salah sawijine gapura kaputren Majapahit. Gapura kuwi bisa ana ing desa Rondole nduweni riwayat nganeh-anehi.
Riwayat iku wiwit nalika sunan Muria arep nggawe masjid Muria. Wali lan ulama nggagas, yen masjid iku sakprelu diwenehi gapura ing ngarep masjid. Sunan Muria nggagas yen ing Majapahit nduweni gapura akeh sing ora dienggo maneh lan isih ketok apik.
Nalika isih rerembugan ing pendapa, ana priya gantheng marani sunan Muria. Periya iku ngaku putrane sunan Muria, krungu yen periya iku putrane, sunan Muria kaget. Periya iku crita asal-usul lan riwayate. Periya iku nduweni jeneng Bambang Kebo Nyabrang. Nalika sunan Muria arep niliki santrine eng desa Ngerang, ing kali Bangsri banjir. Banjur sunan Muria nggoleki papan sing iso kanggo nyebrang. Nalika nggoleki, ana kebo wedhok nyedhaki sunan Muria. Amarga sunan Muria nduweni kasekten, kebo wedhok iku banjur ditumpaki kanggo nyebrang kali Bangsri sing isih Banjir. Ana ing sebrang kali, sunan Muria wis dienteni ki Ageng Amongrogo. Ulama iku banjur kangen-kangenan, wis suwe ora ketemu. Ana ing pesantren iku sunan Muria niliki santri-santrine sing padha ngaji ing kana. Sakwise bubar niliki santrine, banjur sunan Muria pamit balek ana ing Muria. Sakdurunge  mlaku, sunan Muria kudu nguyoh. Nalika sunan Muria nguyoh, lan kebo wedhok weruh, banjur kebo iku ndilati banyu uyohe sunan Muria. Amarga saking sektine sunan Muria, kebo iku meteng lan sing ing njero wetenge kebo iku dudu anak kebo, nanging anak manungsa sing diwenehi jeneng Bambang Kebo Nyabrang.
Keprungu critane Bambangn Kebo Nyabrang iku sunan Muria isih ora percaya yen Bambang Kebo Nyabrang iku anake. Kanggo mbukteake yen Bambang Kebo Nyabrang iku anake, sunan Muria ngongkon njupuk gapura eng kaputren keraton Majapahit ngantii tekan masjid Muria, sakdurunge srengenge methongol. Yen Bambang Kebo Nyabrang iso nglakoni sing dikon sunan Muria, dheweke bakal diakoni anake sunan Muria.
Esuke Bambang Kebo Nyabrang lunga menyang Majapahit dhewekan, ora ana sing ngancani. Eng dalan dheweke ketemu karo begal sing nyegat ing dalan, begal iku njaluk bekal sing digawa Bambang Kebo Nyabrang. Amarga Bambang Kebo Nyabrang nduweni kasekten, begal iku ora wani lan mlayu. Sakwise mlaku adoh,Bambang Kebo Nyabrang tekan ana ing keraton Majapahit. Nang kana dheweke nggolek gapura sing arep digawa menyang masjid Muria. Ana ing atine Bambang Kebo Nyabrang krasa yen ora kuwat nggawa gapura iki, kabeh kasektene wis dimetoake kanggo njunjung gapura iku. Nalika gapura bisa kaangkat, ana pawongan sing njaga gapura iku. Pawongan iku takon karo Bambang Kebo Nyabrang : “ Heh…ameh mbok apaake gapura iku?”. Bambang Kebo Nyabrang mangsuli : “ Arep aku gawa ana ing Muria, ana apa? Lan kowe iki sapa?”. “  Aku iki sing njaga gapura iki, jenengku Mangklu Alus!! Kena apa kowe arep nggawa gapura iki?” takone Mangklu Alus. Bambang Kebo Nyabrang mangsuli maneh : “ Gapura iki arep aku gawa menyang Muria, amarga sunan Muria sing ngongkon aku. Apa kowe ora ngerti aku? Aku iki Bambang Kebo Nyabrang anake sunan Muria”.  “Sakarepmu, pokoke kowe kudu ninggalake gapura iki yen ora kepengen aku pateni” wangsulane Mangklu alus. “ Apa kowe ora ngerti yen saiki keraton Majapahit iku neng ngisore kasultanan Demak lan wali kabeh?”. Amarga ora nuruti sing dikon Mangklu Alus, banjur dheweke adu kasekten. Mangklu alus kalah, banjur Bambang Kebo Nyabrang ngongkon Mangklu Alus nggawa gapura iki menyang Muria.
Neng liya panggon anake adipati Pati pesantenan sing nduweni jeneng raden Ronggo pengen ngepek bojo anake ki Ageng Ngerang sing jenenge Roro Mujiwat. Amarga raden Ronggo iku isih ponakane, Roro Mujiwat nduweni muslihat kanggo nolak. Nalika raden Ronggo menyang Ngerang, Roro Mujiwat nyambut kayak bibi karo ponakan. Banjur Roro Mujiwat ngutaraake kepingine mboyong gapura kaputren Majapahit tekan Ngerang. Saknalika iku raden Ronggo lunga menyang Majapahit kanggo mboyong gapura Majapahit.
Sakwise tekan Majapahit, radeen Ronggo kaget amarga gapura kaputren Majapahit wis ora ana. Raden Ronggo uga lunga ninggalake Majapahit menyang kulon. Raden Ronggo krungu yen gapura iku wis digawa uwong, raden Ronggo ngoyak nganti entuk. Neng dalan raden Ronggo ketemu Bambang Kebo Nyabrang karo Mangklu Alus sing nggawa gapura iku. Raden Ronggo njaluk gapura iku, nanging Bambang Kebo Nyabrang ora menehake. Amarga gapura iku ora diwenehake, banjur raden Ronggo adu kaskten karo Bambang Keebo Nyabrang. Nalika perang, kembang sing ana ing gapura iku ceblok, mila ana panggonan iku diwenehi jeneng “Sekarkurung” utawa sing nduweni makna “kembang kang ceblok”.
Perang diterusake maneh, nanging gapura isih digawa. Neng kulon Sekarkurung ana kedadean maneh, ganjal lawang gapura iku ucul, banjur daerah kuwi dijenengi “Jelawang” ( Ganjel Lawang ). Ing panggon liya desa perange mandheg. Amarga perange leren, desa iku diarani “Nduren” sing nduweni makna “Padu lan Leren”.
Nalika Bambang Kebo Nyabrang nerusake perang, sunan Muria ngendheake perang iku. Ana ing lereng bukit desa Gembong, sunan Muria weruh menawa srengenge wis methongol. Mila sunan Muria nduweni gagasan menawa gapura iku ora bisa digawa ana ing Muria. Amarga lereeng kanggo perang srengengene wis methongol,sunan Muria ngonong : “ Lha kae srengengene wus ceta wela-wela”. Lereng punika diarani “Trowelo” ( Ceta Wela-wela ). Sunan Muria ngandhel yen Bambang Kebo Nyabrang iku anake, nanging raden Ronggo ora seneng amarga Bambang Kebo Nyabrang diakoni sunan Muria sing nggawa gapura iku. Sunan Muria ngomong karo raden Ronggo : “ Ronggo sapa sing sakbenere nggawa gapura Majapahit iku?”. Raden Ronggo mangsuli kang gawa gapura iku dheweke, nanging ing dalan dijaluk Bambang Kebo Nyabrang. Kanggo mbuktekna sing nggawa raden Ronggo, sunan Muria ngongkon raden Ronggo ngangkat gapura iku, nanging gapura iku ora bisa kaangkat, nganti mripate raden Ronggo mondol lan ilate melet nanging gapura iku ora bisa kaangkat. Desa iku diarani karo sunan Muria desa “Rondole” sing nduweni arti raden Ronggo ( Ron ), Mondol ( Dol ), lan Melet ( Le ). Gapura iku ditingali sunan Muria, amarga patoke gapura iku ora ana, sunan Muria ngongkon raden ronggo njupuk. Raden Ronggo nduweni kesempatan kanggo mbuktekna karo Roro Mujiwat yen dheweke wis bisa nggawa gapura iku. Raden Ronggo tumuju ana ing Ngerang kanggo ketemu karo Roro Mujiwat. Sakwise tumuju ana Ngerang raden Ronggo ketemu karo Roro Mujiwat lan ngutaraake yen wis bisa nggawa gapura kaputren Majapahit. Nanging Roro Mujiwat wis ngerti crita sing sakbenere, mila ditolak tresnane raden Ronggo kanggo ngepek bojo. Amaraga ora trima raden Ronggo oara bisa ngendheaken amarahe, banjur Roro Mujiwat digebug nganggo patok kang wis digawa raden Ronggo. Kedadean iku ana ing desa Gembong.

Tinggalkan komentar

Belum ada komentar.

Comments RSS TrackBack Identifier URI

Tinggalkan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s