CERITA MBAH ADEG WIDURI (DUMADINE DESA BALERAKSA)

Desa Baleraksa yaiku salah sijine desa sing ana ing wilayah Kecamatan Karangmoncol, Kabupaten Purbalingga. Jaman biyen ana cerita saka wong tuwa, sing teka lan urip neng desa kuwi. Jenenge Syeh Maulana Pandansari, sing asale saka negara lor. Syeh Maulana Pandansari nggawe gubug neng tengah alas dhewekan. Gubug kuwi gendheng lan pagere saka suket. Sawise Syeh Maulana Pandansari urip dhewekan neng alas, dumadakan kepethuk karo wong wadon ayu sing jare asale padha karo dheweke. Wong loro padha senenge. Awit wong wadon ayu kuwi teka neng alas, dadi ana wong loro sing manggon neng alas. Nanging isih urip ing gubuge dhewe-dhewe. Bareng wis suwe wong loro mau akhire padha sepakat urip bebarengan neng alas. Puluhan taun wong loro kuwi urip neng alas karo anak-anake. Nembe sawise anak-anake padha duwe bojo, ana wong anyar teka, mula alase kuwi dadi tambah rame. Akhire dadi desa sing dijenengi desa Karanggedhe. Syeh Maulana Pandansari kuwi wong sing sekti, ora bisa mati senadyan kena kapak utawa geni. Wektu kuwi akhire Syeh Maulana Pandansari didadekake lurah. Bareng karo ramene Desa Karanggedhe, wektu kuwi uga ana Desa saka Adipati Kertanegara. Adipati Kertanegara mrentah marang Ki Guntur Karangringin. Sawise puluhan taun suwene, akhire Desa Karanggedhe dadi amba. Syeh Maulana Pandansari wong sing sekti, wektu kuwi ana woro-woro Geni supaya nyebarake woro-worone. Woro-woro kuwi kaya mangkene unine, �Sapa bae sing bisa nyekel Kebo Edan, sing senenge ngamuk lan ngrusak apa bae ing sekitare arep didadekake mantune. Dijodhokake karo anak wadone sing ayu banget lan arep diangkat dadi Adipati Kertanegara nggantekake pangkate adipati sing saiki.� Syeh Maulana Pandansari mrentah marang Ki Guntur Geni maksude kanggo mbiyantu wong-wong Kertanegara sing lagi kena mala petaka saka amukane Kebo Edan. Syeh Maulana Pandansari ora duwe pikiran ndadikake abdine dadi adipati ing Kertanegara. Kabeh wis dilakokake nanging wong-wong Kertanegara ora ana sing bisa ngalahake Kebo Edan, malah Kebo Edan kuwi saya ngamuk. Sawise diwenehi sangu lan wejangan, Ki Guntur Geni mangkat neng Kertanegara arep mbiyantu wong-wong Kertanegara sing lagi sengsara. Ki Guntur Geni mangkat neng Kertanegara karo abdine, supaya yen ana apa-apa ing dalan ana sing bisa menehi kabar menyang omah. Sawise Ki Guntur Geni tekan Kertanegara, dheweke langsung ngadhep adipati arep ngomongake titipan saka Syeh Maulana Pandansari sing dadi wong tuwa angkate. Kekarepane Ki Guntur Geni ditrima kanthi apik. Menawa Ki Guntur Geni oleh kasil, tetep arep dijodhokake karo anak wadone lan diangkat dadi Adipati Kertanegara. Sawise Ki Guntur Geni entuk restu saka adipati, dheweke langsung metu saka umah arep nututi Kebo Edan (jenenge Kebo Danu). Sawise Kebo Danu weruh Ki Guntur Geni, Kebo Danu banjur mlayu banter ngadohi Ki Guntur Geni. Ora kaya biasane, yen ana wong sing arep nyekel, Kebo Danu malah mbalik nututi wong sing arep nyekel banjur biasane nyrudug nganggo sungune sing lancip. Wis akeh wong sing dadi tumbale, nanging ora nganti mati. Ki Guntur Geni terus nututi Kebo Edan, sepisanan Kebo Edan arep nglawan. Nanging yen sing nututi wis cedhak, Kebo Edan mlayu maneh karo ngrusak sekabehane sing ana ing ngarepe. Sasuwene padha playon, akhire Kebo Edan bisa dicekel dening Ki Guntur Geni. Kebo Edan wis kecekel, saiki wis ana ing dhuwur pudhake Ki Guntur Geni. Kebo Edan tetep arep ngeculake cekelane Ki Guntur Geni, nanging sawise Ki Guntur Geni bisa nyekel sungune kuat banget banjur diputer sekuwat-kuwate nganti gulu lan sungune pedhot. Bareng krasa lara, kebo kuwi mbukak cangkeme amba-amba banjur Ki Guntur Geni nglebokake lemah. Anehe sawise kuwi, Kebo Edan dadi manut banget. Sapa bae sing nyedhaki, kebo kuwi mung ndingkluk kaya krasa isin. Kebo Danu nembe bali ing omahe Adipati Kertanegara mung digiring karo mlaku. Bareng tekan omahe adipati, Ki Guntur Geni menehake kebo kuwi banjur njaluk pamit bali karo nggawa sungune kebo sing tugel kanggo bukti marang bapake yaiku Syeh Maulana Pandansari ing Desa Karanggedhe. Sungune Kebo Danu akhire dikubur neng lemah kuburan Karanggedhe, nganti saiki isih ana tipake. Kaya janjine adipati, banjur Ki Guntur Geni dijodhohake karo anak wadone. Adicara ningkahan Ki Guntur Geni karo anake Adipati Kertanegara rame banget. Ing pungkasane adicara kuwi dianakake upacara penobatan Ki Guntur Geni dadi Adipati Kertanegara nggantekake pangkate Adipati Kertanegara. Ki Guntur Geni dadi Adipati Kertanegara dudu karepe dhewe. Nanging Ki Guntur Geni krasa yen wong-wong Kertanegara ora ngarepake dheweke dadi adipati neng Kertanegara. Awan-awan Adipati Ki Guntur Geni dicegat grombolan wong sing duwe karep ora apik, arep nggawe cilakane Ki Guntur Geni. Sawise bali, Ki Guntur Geni ngundang abdine supaya njaga dheweke. Miturut abdine, ana sing ngomong yen ana wong sing ngrasa iri karo kasenengane Ki Guntur Geni sing duwe bojo anake adipati banjur dadi adipati. Ora ngira yen grombolan mau arep ngancem adipati. Wengi kuwi kahanane sepi banget, Ki Guntur Geni lagi lali-laline turu. Ki Guntur Geni diculik dening grombolan wong sing nganggo klambi ireng-ireng lan raine ditutup nganggo topeng. Ki Guntur Geni digawa neng tengah lapangan, banjur dikroyok rame-rame nganti mati. Mayite ditinggal lunga, ora ana sing ngurusi. Esuke saka grombolan wong sing mateni mau ana sing diprentah nonton mayite Ki Guntur Geni. Nanging wong mau gumun, amarga mayite Ki Guntur Geni wis ora ana ing kono. Salah sijine grombolan mau ana sing diprentah lunga neng omahe adipati, ora nganti mlebu neng omahe adipati, banjur bali lan ngomong karo balane. Grombolan mau ora ana sing percaya karo laporane, amarga dheweke ngomong yen weruh Adipati Ki Guntur Geni lagi lungguh sarapan karo bojone. Grombolan wong-wong kuwi tambah gela, amarga Ki Guntur Geni bisa urip meneh. Grombolan kuwi duwe rencana arep nyulik Ki Guntur Geni, nanging kepriye carane supaya Ki Guntur Geni mati tenan. Penculikan sing kaping loro ora kasil, amarga gelut neng jero omah. Ki Guntur Geni mung dhewekan, yen grombolane ana puluhan wong. Dadi sia-sia. Ki Guntur Geni digawa neng plataran Kali Tambra. Padha karo penculikan sing kapisan, Ki Guntur Geni dikroyok rame-rame nganti mati. Banjur mayite Ki Guntur Geni awake ditugel-tugel dadi loro lan mayite dikubur pisah-pisah. Sirah dikuburake neng sisih kulon Kali Tambra, lan awak nganti sikil dikuburake neng sisih wetan. Nganti saiki kuburane isih ana lan kerep ditekani wong kanggo tapa. Bali neng crita Syeh Maulana Pandansari neng padhepokane, dheweke dadi sregep ngadhep marang Gusti Kang Maha Agung. Wektu kuwi Syeh Maulana Pandansari lungguh karo tapa. Ing tengah-tengah tapane, Syeh Maulana Pandansari nugel godhong sing ana rine nganggo tangane, banjur godhong sing ana rine mau ditancepake neng lemah. Sawise ditancepake, Syeh Maulana Pandansari nglanjutake semedine banjur dheweke ngilang. Papan ngilange Syeh Maulana Pandansari nganthi saiki dikenal dadi kuburan Mbah Adeg Widuri. Amarga Syeh Maulana Pandansari ngilang sawise ngedekake wit sing ana rine. Sawise Mbah Adeg Widuri mati, desa dadi tabah rame. Wektu kekuwasaane wong Landa, ing Desa Karanggedhe utawa Desa Karangwringin dianakake ukur lemah dening wong Landa, ora dinyana wong Landa weruh ana kuburan sing apik. Banjur wong sing ngukur lemah kuwi takon, �Kuburan apa iki?� Wong-wong sing melu ngukur lemah padha mangsuli, �Kuburan baleraksa�. �Jenenge apik temen,� omongane wong sing ngukur lemah saka Landa. Kuburan baleraksa yaiku papan ngilange Syeh Maulana Pandansari utawa Mbah Adeg Widuri. Banjur, wong-wong saka Desa Karanggedhe lan Karangwringin njaluk supaya desane didadekake siji. Wong-wong saka desa padha sepakat yen Desa Karanggedhe lan Karangwringin didadekake siji yaiku Desa Baleraksa.

Tinggalkan komentar

Belum ada komentar.

Comments RSS TrackBack Identifier URI

Tinggalkan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s