WEJANGANIPUN SANG KAPIWARA DHUMATENG ARYA BIMASENA

Nalika Arya Bimasena ngupadosi sedherekipun inggih Arjuna, dumugi ing Ardi Kendalisada pinanggih kaliyan sang Kapiwara inggih Begawan Anoman, ingkang asmanipun ngebegi jagad awit saking kasudiranipun nalika suwita sang Ramawijaya nglebur nagari Ngalengka, kedhatonipun Prabu Dasamuka. Sasampunipun bage-binage, Aryasena lajeng pitaken, tembungipun.

Kakang Begawan Anoman kabeneran banget ing laku anggonku nggoleki si Arjuna, dene kelantur kongsi tumeka ing padhepokanmu kang tuhu asri ngresepake. Kataman bayu-bayuning padhepokan rasa panggrantesing pikirku sirna banar pisan. Luwih-luwih bareng aku sumurup marang kahananmu kang banget nengsemake. Sumeh lan sumunaring guwayanmu, kakang mratandhani kaluwihanmu. Aruming swaramu bisa nggugah atiku sing maune wus pepes tanpa daya. Pancoronging netramu mimbuhi daya kekuwatanku satemah bisa nyirnakake rasa sayah. Sawise aku sapatemon karo kowe kakang, saiki aku kelingan dedongengane para sepuh nyaritakake lelabuhanmu nalika kowe bebarengan karo Prabu Ramawijaya anggempur nagara Ngalengka lan nyirnakake kliliping bumi. Aku kelingan carita bab kasektenmu, awakmu bisa dadi gedhe sagunung Mahameru. Carita kang kaya mangkono mau banget andadekake pangungunku, banget kepengin ing atiku nedya nyumurupi dhewe. Kakang, kebeneran banget dene dina iki aku antuk nugrahaning Dewa bisa sapatemon karo kowe dhewe, mesthi bakal katurutan pangarep-arepku mau, yen andadekake panujuning atimu. Satemene bareng saiki aku sumurup dhewe wujudmu kang gedhene iya ora kacek akeh karo wujude kethek-kethek lumrah. Mula saya andadekake tidha-tidhaning pikirku anggonku arep ngandel marang dedongengan kang wus dak rungu mau. Ewa dene kakang banget-banget panjalukku, aku coba tuduhna kepriye rekamu, Kakang?

Dupi sang Kapiwara midhanget aturipun sang Bimasena makaten wau, sang Begawan Anoman gumuyu latah kaliyan mingset saking palenggahanipun, pangandikanipun:

Dhuh yayi kadangipun kakang. Dhuh yayi kang sentosa baune, jejeg prakosa berawa pindha pangleburing bumi, mbok wis aja kakehan kang mbok piker ta yayi. Kabeh mau barang wus kapungkur, ora ana paedahe rasakake, tiwas andedawa gagasan. Sanadyan dak-kandhanana yayi, kiraku ora bakal bisa sira percaya, malah kiraku ngerti bae ora, amarga wus beda jamane. Dadi puluh-puluh dak-kandhanana, sira sayekti ora bakal bisa nggagas kanthi permana jalaran wus beda banget larase. Sumurupa yayi, dhek jamanku samana, keclaping cipta iku isih bisa bareng karo laraping kahanan, mula apa bae saciptane dadi, amarga manungsa isih during dadi bandhanganing ciptane, uriping manungsa isi nomor lan Hyang Mahawasesa, mula ing sabarang kahanan iki karegeming dalem pangwasaning manungsa wis kabanjur dadi bandhanganing ciptane, among tansah montang-monting kaereh dening ciptane, mula ora mokal lamun sabarang iya ora tumeka.

 

Tinggalkan komentar

Belum ada komentar.

Comments RSS TrackBack Identifier URI

Tinggalkan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s