JERIT BUBAR MAHGRIB

JERIT BUBAR MAHGRIB
Dening: J.F.X.Hoery

Sidane sing diarep-arep teka tenan sawise mahgrib. Mulihe iki sengaja ora nggawa perlengkapan apa­apa, kajaba glathi kang tansah sumlempit ing bangkekane Ajaa ketemu bakul tanggane sing kandha yen dhe­weke diarep-arep supaya bali amarga Emboke lara nemen ngono, dheweke ora ngarah gelem bali. Ya liwat bakul sing ngandhani iku, dheweke banjur meling yen bengi iku bakal mudhun, sawise nyerahake tugas-tugase Ian aweh pituduh marang wakil Ian mitra-mitrane.

“Jare lara nemen Mbok, kathik katon seger bae?” pitakone sawise mlebu ngomah ‘Ian nyumurupi yen Mboke ora apa-apa.

“Iya. Cucul-cucul Ian ganti dhisik, Har.”

Sing dikandhani ora mangsuli. Klambi drill ijo sing wis luntur ijone, diuculi terus dicantholake ing saka. Dheweke terus menyang sumur, adus. Bubar adus

mung ngango clana. Ian sepatu. Ora lali glathine kang tansah sumlempit. Klambine isih cumanthel ing saka.

“Embokmu kangen banget, Har,” kandhane Bapake sawise padha lungguh ngadhep meja tengah omah mburi.

“Ngono kok jare Simbok lara nemen, ta Pak. Kamangka kahanan tambah gawat ngene. Tenaga Ian pikiranku dibutuhake dening perjuangan kanggo mempertahanake kamardikan sing wis kits kumandhangake,” wangsulane Hardiyanto.

Lha yen ora takakal ngono, kowe tangeh lamun gelem mudhun. Karodene kowe ngerti yen kahanan sangsaya gawat ngono, apa isih arep tetep blusukan terus-terusan turut ngalas?”

“Kersane Bapak?”

“Perjuanganmu bebasane timun mungsuh duren, Har. Apa landheping pring wuluh sing mung kairing bedhil-bedhil karaten iku kuwawa nandhingi pasukan Landa sing gegamane sarwa lengkap Ian modern? Iku dudu tandhinge, Har.”

“Pak, kanggone para pejuang ora bakal miris ngadhepi nungsuh senajan nggawa gegaman kang lengkap. Semangat Ian tekad perjuangane putra-putra bangsa, bakal luwih ampuh katimbang mriyem-mriyem, mitra liyur sarta sawernane gegamane Landa.”

“Muspra, Har … muspra! Landa bakal unggul jurite ing payudan iki.”

Hariyanto meneng krungu omongane bapake sing mangkono iku. Atine gagap-gagap, ya gene bapake saiki duwe panemu sing kaya ngono. Kamangka nalika dheweke pan-tit nggabung kanca-kancane mbentuk Laskar Tentara Pelajar ndhisik ora mangkono. Panjurung Ian pandonga sing ditampa. Semono uga nalika dheweke tilik mulih telung sasi kepungkur. Nanging saiki, ya gene bapake duwe panemu kaya mangkono? Pikirane dadi judheg. Wong loro isih padha meneng-menengan.

“Wis rampung kae Iho! Nyang mburi mangan dhisik!” Kandhane mboke njedhul saka lawang pawon. Hardiyanto karo bapake ngadeg, terus memburi ngadhep meja mangan. Dhasare budhal man durung klebon apa-apa, dikon mangan terus; bae mlaku.

“Kok mbeleh pitik barang ta mbok?”

“Pancen nyawisi awakmu, sawise ndhek emben dikandhani yen kowe bengi iki arep teka. Bola-bali anggonku melingake, supaya kowe tilik mulih.”

“Ngono kok kandhane jare sampeyan lara.”

“Yen ra ngono kowe mesthi emoh bali. Iku awak­mu nganti kaya ngono, wis ora mbok openi, betheke ang­gonmu katrem mburu kidang sing durung genah pagan grumbule.”

“Mburu kidang sing durung genah papan grumbule?” “Wis ah, mangan dhisik! Mengko omong-omonge,” pamunggale Bapake.

“Lha iya, simbok iki 1ho wong jamane kaya ngene kok ya masak-masak kaya ngene!” Kandhane karo nyi­dhuk sega.

“Iku rak kanugrahan ta Har! Waregana, aku ndak­nggawe kopi-“

Sing dikandhani terus mangan. Nanging pikirane te­rus ngrambyang, meruhi kahanane wong tuwane singAdoh banget bedane panguripane karo nalika dheweke I bali telung sasi kepungkur. Saiki jamane saya angel, 1, va manan saya gawat Ian ekonomi saya Beret. Nanging sajake wong tuwane bisa urip kanthi ayem, tentrem lan kepenak. Kamangka mrana-mrana rakyat padha sesambat angele golek pangan. Kok wong tuwane bisa mangan sarana torah-torah paribasane, miturut kahanan sing diadhepi iku. Banjur apa karepe mboke, kan­dha yen kabeh iku jare kanugrahan? Senajan lagi nengahi mangan enak, nanging rasane ora enak. Dhe­weke eling perjuangane, eling tugase mempertahanake kamardikan Ian daerahe. Uga eling marang kanca-kan­cane sing ditinggal ing nggunung daerah gerilya, sing mesthine bengi iki nindakake prentahe supaya nyusup menyang daerah pertahanane mungsuh. Dheweke ke­seretan, bola-bali keselak. Kepeksa anggone mangan dirampungi.

“Wis Har, tinggal bae,” kandhane bapake. Wong loro banjur bali maneh menyang omah. Hardiyanto karo isih, weruh cawisan ing meja.

“Iku lho Har, wedange!” kandhane mboke.

“Mbok, … Pak …! Iki … Iki susu Ian roti saka ngendi? Jajan-jajan semen iki saka ngendi?” pitakone I lardiyanto karo isih ngadeg ing ngarep meja, sedhela nyawang isen-isen meja terus nyawang bapake Ian mboke genti-genten.

“Mau rak wis dikandhakake mbokmu ta Har, yen kabeh iku kanugrahan, mulane kowe takkon mulih.”

“Kanugrahan? Kanugrahan saka ngendi pak?” I lardiyanto katon wiwit ora sabar.

“Sabar Har, Sabar. Mau aku rak wis kandha ta, yen sejatine perjuanganmu iku pindhane timun mungsuh duren.”

“Dadi bapak Ian simbok saiki wis kena pangglembu­ke mungsuh?”

“Pikiren Har, aku wong tuwamu. Sawise dakra­sakake seprana-seprene, banjur apa sing diarep-arep saka asile kamardikan? Coba pikiren, uripe dhewe wi­wit jaman Jepang nganti ngancik jamane kamardikan urip kancingkrangan terus-terusan bae. Balik saiki, sawise Landa bali tekan kene maneh! Embokmu wis ora nate blanja. Susu, gala, bergs, kopi, Ian liyane wis meh telung sari mlaku iki, terus dikirimi saka tuan van Hendrik.”

“Bapak!” pambengoke Hardiyanto kayo nggebrak meja, krungu kandhane bapake. Atine tambah getem­getem maneh, bareng krungu jeneng van Hendrik sing ora liya Komandan Markas Landa ing kuthane. Saiki dheweke ngerti yen wong tuwane wis kena pangglem­buke Landa, Ian dheweke dikon malih iki ora liya mesthi akale mungsuh.

“Mulane Har, kowe becik bali bae.” Mboke nram­bul kandhane, terus bacute.

“Tuan Hendrik arep menehi kalungguhan yen ko­we gelem nyelehake senjatamu. Kaya Daroji kancamu kae, saiki kepenak melu serdadu Landa. Lan sing kerep mrene diutus tuan Hendrik ngeterake barang-barang iku ya dheweke. Mula amrih slamete awake dhewe Ian amrih kepenake turuten.”

“Bangsat! Kurang ajar! Dadi Daroji sing dadi

pengkianat. Yen ngono dheweke sing mbocorake ma-rang Landa, nganti penyerbuane kanca-kanca gagal, Ian Ahire dheweke dianggep Hang dhisik? Saiki dheweke dadi gedibale Landa, Ian ya dheweke sing bisa ngracuni wong tuwaku?” Kanepsone Hardiyanto ora bisa diben­d ung.

“Wis ta Har, turuten panjalukku!”

“Pak, jiwa ragaku wis dak tegakake kanggo turn-baling kamardikan.”

Dumadakan krungu swara sepatu pating kethe­prok. Wong telu padha meneng Ian pandeng-pandeng­an. Swara sepatu keprungu saga cedhak Ian sajak akeh. I Iardiyanto sadar yen ing sajroning bebaya. Trengginas dheweke nyaut klambine kang cumanthel ing saka, mencolot memberi terus nggeblas meta lawang pawon, nasak petenging wengi. Sing ditinggal mlayu ora bisa apa-apa, mung pating dlongop.

Ora suave pating jedhul serdadu Landa wis mle­bu njero omah nggawa cucuk lake Daroji.

“Endi anakmu Hardiyanto? Wis teka kaya janjimu dhek wingi?” pitakone pimpinan serdadu sing arep nyergap Hardiyanto marang bapake Hardiyanto sarana tembung sing kagok.

“Eh ,…0 …0 … Durung to …teka Tuan.” jawabe bapake Hardiyanto glogap-glagep gupuh. Sing wadon ngewel saka wedine, cangkeme kaya disumpeli ora bisa kanggo omongan.

“Durung teka? Ah bohong. Iki cawisane saga?” “Bever Tuan, dheweke durung teka. Iki, …iki kanggo nyawisi dheweke yen mengko teka.”

“Kowe ngapusi ya!” pambengoke pimpinan serda­du Landa iku, kayo ngarahake pucuke sangkur marang bapake Hardiyanto.

“Daroji, Ian liyane cobs golekana anjing Republik Hardiyanto, menawa isih ndhelik ana njero kene!” Da­roji Ian serdadu andahane wiwit tumandang ngubres ing njero omah iku. Nanging sing digoleki ora ketemu.

“Lawang pawon sing mburi menga, Tuan. Lan ing meja bubar ana wong mangan, piringe durung di­kukuti. Nanging Hardiyanto ora ana.” kandhane salah sijine serdadu Landa totok.

“Ha … ha … ha… kowe ngapusi ya!”

“Ora Tuan. Sing bar mangan aku dhewe Ian bojo­ku man saka sumur durung ditutup.”

“Bohong! Kokdelikake ana ngendi anjing republik iku?”

“Be Durung nganti tutug omongane bapake Hardiyanto, dumadakan, Pyar!… Sakabehing isen­isening meja ambyar disampluk popor.

“Kowe… kowe anjing ngapusi aku ya? Hd sing mbok jaluk?” Ptak, … brag!… Bapake Hardiyanto di­tarik terns ditampani sabetan popor, hiba gumebrug natap lawang Wm ora obah. Sing wadon njerit nubruk sing lanang. serdadu Landa wis ora maelu panjerite wong wadon sing blulungan jerit-jerit iku. Padha boyar meta Ian ora suave keprungu swara pating jedor saka penjebluge senjatane Landa sing ngawut-awut peluru ing desa kono. Swara jerit bubar maghrib binarung pan­jebluging senjatane Landa.

PANJEBAR SEMANGAT, No. 33 Tanggal 16 Agustus 1975

Tinggalkan komentar

Belum ada komentar.

Comments RSS TrackBack Identifier URI

Tinggalkan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s