ALUN ISIH GUMULUNG

ALUN ISIH GUMULUNG

Dening: JRX.Hoery

Ajaa murid-muride sing ngajak ngono, dheweke wis emoh midak papan iku. Amarga ngarepake liburan kwartal, murid-muride nyuwun darmawisata. Kebeneran sing disuwun kok menyang teluk Barehan. Teluk segara kidul sing ombake gedhe-gedhe Ian mujudake dhaerah sing akeh nyimpen crita-crita misterius. Kayadene ing kene jare kratone Nyai Rara Kidul, ratuning para lelembut. Ana maneh, jare yen Bolan menyang pesisir segara kidul, ora oleh nganggo klambi sing rupane gadhung utawa ijo. Iku jare ngembari agemane Sang Ratu, satemah sing ngango mangkono bisa kalap, utawa kagulung alun dadi Ian tiwase. Isih akeh maneh crita bangsane ngono-ngono iku. Arep nulak panjaluke muride rumangsa ewuh.

“Ya wis ta Bu, wong jalukane bocah-bocah mrana, ya dituruti bae,” panjurunge Pak Heru, kanca guru.

“Karepku rak nyang guwa Kalak utawa guwa Tabuhan.”

“Lha sakwise, bocah-bocah senenge menyang segara ngono. Awake dhewe rak kari tutwuri handayani bae.”

“Ya wis lah, aku manut yen Njenengan wis jumurung.,,

Sidane budhal tenan menyang teluk Barehan karo kanca guru loco, nuruti panyuwune murid-muride. Tekan babagan, bocah-bocah terus ambyur nuruti karepe dhewe-dhewe. Bocah-bocah lanang padha cucul, terus njegur langen ana segara. Bocah-bocah wadon padha dolanan ana pinggir, saben ana ombak sing gedhe padha mlayu mundur karo gandhengan tangan Ian ora lali swarane pating jlerit Uga ana sing padha nguyak-uyak pompongan, kewan cilik-cilik sing wujude kaya kepithing, Hanging baut mlayu Ian banjur ndhelik mlebu lenge ing wedhi.

“Ora munggah menyang Sura Tirta Wiyana, Bu ?” pitakone Pak Heru.

“Panjenengan bae yen arep tindak mrana, aku sing nunggoni bocah-bocah,” jawabe Isti karo mapan lung­guh ana sawijining prau kang pinuju ora kanggo Ian dijejer pirang-pirang ana pinggir. Nyawang polahe mu- rid-muride,

lanang wadon katon seneng. Ana sing nglumpukake kulit kuwuk, ana sing milihi watu alus-alus, ana sing nggolek watu karang sing wangune kaya kembang, Ian liya-liyane. Nyawang tengahe segara katon biru lerap-lerap. Prau-paru mancing Ian prau njaring katon pating krampul, kaya lintang wayah bengi ing langit biru. Pikirane dadi nglangut. Tekane mrene kayai ndhudhah barang sing wis kapendhem Ian ora ana gunane. Kedadeyan limang taun kapungkur bali cumithak ing pangangenne. Ing dina-dina libur, dheweke sering latihan renang ana pemandian “Sura Tirta Wiyana”. Yen bar latihan, banjur ngenggar-enggar ing patamanan sinambi nyawang Ian nikmati endahing panorama alam Ian segara teluk Barehan. Ya ing pagan iki dheweke ketemu karo Diyanto sing akhire uga ing panggonan iki kanthi sineksenan ombaking laut, dheweke pepisahan.

Telung taun dheweke ngipuk-ipuk katresnane. Wektu sing mesthine cukup mateng tumrap mudha­mudhi kanggo njajagi Ian saling aweh pangerten. Apa ya amarga sawise Diyanto antuk pangerten, sing njalari dheweke banjur ninggalake Isti. Pangerten kahanane urip Ian panguripan antarane dheweke Ian Isti. Kamangka sasuwene iki kekarone padha nduweni keyakinan yen ing tembene bisa mbagun urip bebarengan. Diyanto rumangsa minder gegandhengan karo Isti, sawise nyumurpi kahanan panguripane kulawargane Isti. Dhe­weke ngrumangsane anake wong sekeng, senajan se­kolahe bisa tumapak nganti SMA. Pangrasane ati, me­sakake Isti yen uripe ing tembe nganti nyangga kepri­hatinan. Ian kekurangan.

Saka pemikiran Ian tetimbangan mau, dheweke aweh keputusan luwih becik pepisahan, mumpung du-rung kasep. Naging tumrape Isti, keputusane Diyanto mau mujudake panyiksan, sawise ngrungokake alasane Diyanto, Amarga Isti dhewe nduweni keyakinan , yen sejatine urip bebrayan iku ora didhasari anake semat Ian pangkat, kaya falsapahe wong-wong tuwa saang­

katan karo bapake Siti Nurbaya. Pancen bener, dheweke anake wong kecukupan, amarga bapake dadi Kepala sawijning Jawatan ing Kabupaten. Amarga tuntutan jiwane kang kepengin cedhak karo masyarakat, mula dheweke milih nerusake menyang SGA, senajan hotpake ora sarujuk. Dheweke kepengin langsung aweh sumbang sih marang bebrayan liwat donyaning pendidikan.

Pikirane Isti wis ora maelu marang polahe murid-muride. Dhadhane krasa seseg. Ya gene murid-muride ajak piknik was menyang Barehan? Ya gene pak I fern karo pak Herman kancane bisa nyetujoni panyuwune bocah-bocah? Pikirane Isti bali marang kedadeyan nalika ana rencana bocah-bocah njaluk piknik. Banjur bali gumawang sapatemon kang pungkasan karo Diyanto, limang taun kapungkur, nalika dheweke nlusuri pesisir teluk Barehan kang endah.

Malem tanggal siji Sura, ing kene ana adicara Grebeg Sura, sing dianakake saben taun. Grebeg Sura iki Naka wit tradhisine kadang misaya mina, atur sesaji ma-rang Nyai Rara Kidul, sing wis paring panguripan ma-rang para kadang nelayan, sajrone setaun makarya ora ana sambekala. Nanging suave-suave masyarakat uga melu mahargya, sing wekasane dadi adicara sing rame ditekani para pedunung ing Pacitan, tuwa Ian enom.

Kajaba sesaji slametan uga tontonan ing teluk Barehan wayangan sewengi nutug, ndhangdhutan Ian liya-liyane. Sewengi iku pancen meriah, ana sing niyate mlaku ing teluk Barehan wiwit poncot kulon nganti lekan muarane kali Grindulu.

Isti nggandhuli tangane Diyanto, bebarengan nlusuri wedhi-wedhi putih teluk Barehan. Kesel mlaku- mlaku banjur leren, lungguh ing prau, Akehe geni apt unggun kang murub ing wengi iku, kasawang saka kado­han kaya kemamang.

“Isti, . .” rembuge Diyanto meh ora keprungu kalah karo swarane musik apadene jumlegure banyu. se­gara.

“Apa ?”

“Sampeyan ngerti panguripane nelayan

“Ya gene ?”

“Ach….” Diyanto unjal anbegan. Banjur nyawang adoh menyang kimplah-kimplahe banyu segara sing cat katon cat ora pating kerlip kena soroting lampu Ian urube geni. Banjur sumambunge,” Urip sing mung nja­gakake gumulunging alun.”

“Maksudmu. priye Mas Anto ?”

“Apa Sampeyan isih kenceng kayo keyakinanmu, bab urip Ian panguripan kang bakal mboktepusi ?”

“Mas Anto sajake isih tidha-tidha ya.”

“Aku mung mesakake Sampeyan.”

“Aneh. Pancen ndonya iki kebak kontradiksi. Kaya penyair-penyair sing ngowahi warna langit biru dadi jingga, kayadene pelukis-pelukis sing wis wiwit nggambar garis-garis filsapat.”

“Kabeh wis dakpetung dhik Isti.”

“Banjur?”

“Aku, ngerti sucining atimu Ya marga saka lubering jiwamu aku ora kuwawa kandha. Aku kepeksa nga­pusi atiku dhewe. Sejadne ing atiku uga gumulung ombak, pindha gumulunging alun ing tengah segara kae sing ora bakal mandheg ing sadawaning mangsa.”

Lamunane Isti buyar, bareng nyumurupi murid-muride gemrudug marani prau. kang lagi bae mentas menyang babagan, sawise digotong wong pirang-pirang. Dheweke nyawang murid-muride sing wis ngrubung prau mau. Isti menyat saka lungguhe, banjur marani murid-muride, kuwatir yen ngrusuhi wong-wong kang padha mergawe.

Para misaya kang nembe mentas mau, padha bikut anggone ngresiki Ian nata alat-alate, ora maelu polahe bocah-bocah sing padha dhesel-dheselan ndeleng isine prau. Kajaba alat-alat, ing njero prau ana sawatara iwak oleh-olehane mancing setengah ding. Isti wis ana tengah-tengahe muride karo ngelikake amrih bocah-bocah ora ngganggu. Isti nyawang awak prau sing lagi ibut. Dumadakan salah sijining awak prau ndengengek lan nyawang arahing bocah-bocah kang padha nonton. Panyawange tempuk karo panyawange Isti, kang ndadekake petering ati kekarone. Sawatara wong loro mung padha pandeng-pandengan, kebak rasa kang angel digambarake.

“Isti !” prasapane karo mudhun saka prau.

“Mas Anto,” Isti ngulungake tangane ajak salaman. Wong loro sesalaman kenceng banget, kekarone kaya emoh nguculake. Murid-muride Isti padha nyawang gurune kang lagi sesalaman karo salah sijine awak prau, sajak gumun.

“Bocah-bocahmu ?”

“Heh,” Banjur padha meneng. Bocah-bocah njaluk idin arep menyang taman rekreasi, ndhuwur plabuhan. Diyanto mapan lungguh ana lambene prau, Ian Isti tetep ngadeg ing sandhinge.

“Olehe iwak endi bae, Mas ?”

“Sampeyan wis nguningane mesthine, yen nelayan-nelayan tradhisional kalah karo nelayan-nelayan sing alate modern. Apamaneh bareng nelayan manca diidine operasi ing wilayah kita, dheweke malah wring miebu ing laladane nelayan-nelayan tradhisional, sing sabenere Bab mangkene iki dilarang. Ya kanyatan ngene iki sing dhek semana dakkandhakake.”

“Kanyatan ? maneh-maneh kanyatan.”

“Bener. Kanvatan urip lan panguripanku, sing adoh lan cengkah karo jangkahmu.”

“Iku dude kanyatan Mas Yanto, hanging panyiksan. Kaya ngendikamu biyen, kanggo mbuktekake yen apa sing panjenengan ugemi pinangka kanyatan, yaiku kanyatan kang ngapusi atimu dhewe lan panyiksan marang atiku.”

Dadi jumbuhe karo kahanan karo saiki Driji-driji tangan tengenku isih polos, Mas. Lha Panjenengan?”

“Ombak segara Pacitan isih gumulung ing sadawaning mangsa. Iku urip Ian panguripanku Ian uga atiku.”

Wong loro sesalaman maneh kenceng, kepara tangan kiwa kekarone nambahi kencenge anggone padha sesalaman. Banjur mripat papat sing man katon sumunar Bening, katon kaca-kaca. Malah saka tlapukane Isti katon mili banyu Bening ngliwati pipine kang mangar-mangar.

Iki mengko diasta kanggo, oleh-oleh ndalem ya.” I hyanto ngangkat iwak kelong siji sing gedhene sakempol diulungake Isti.

” Matur nuwun, Mas.”

Wong loro padha jumangkah, ninggalake prau, ninggalake wedhi-wedhi putih ing teluk Barehan. Sikile jumangkah ajeg, karo padha meneng-menengan, ngumbar gagasane dhewe-dhewe, ngetungi jangkahe, ngetungi dina-dina kang Bakal tumapak.

Tekan pelataran penjagaan wong loro padha perpisahan. Ombak isih terns jumlegur Ian alun isih gumulung.


MEKAR SARI, No. 13 Th. Ka XIX Tanggal I September 1975

Tinggalkan komentar

Belum ada komentar.

Comments RSS TrackBack Identifier URI

Tinggalkan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s