Min Bronjong

Nalika iku Parmin isih cilik durung ngerti apa-apa. Nanging yen saiki kira-kira wis lulus Taman Kanak-Kanak, kepara wus kelas siji SD.Sanadyan isih cilik, Parmin wis kelingan saben wayah akeh udan, jago kluruk genti genten sajak pamer kabisan tantang-tantangan, simboke wis ora ana sandhinge, ora ngeloni.
Esuk iku sawise krasa ana sunar surya sumunar mlebu kamar, gregah Parmin ngelekake mata tangi ngulet sawetara.
Banjur kethemak-kethemek marani meja nyaut pohung godhog sing cemawis ana piring seng kembangan ijo-ijo.
Wus krasa wareg banjur menyang sawah pojok desa nusul simboke.
“Mboook…” pambengoke Parmin.
Simboke sing nembe tandur karo kancane cacah lima ana tengah-tengah sawah noleh memburi bebarengan.
“Wis tangi, Le,” wangsulane simboke Parmin karo isih nggegem winih pari sing durung ditancepke.
“Bapak endi, Mbok?”
“Kae nggaru ing sawahe Lik Wira kidul kuwi,” wangsulane simboke karo isih nggejejer ngadeg.
“Aku nyusul Bapak ya Mbok.”
“Ya…aja adoh-adoh, ana galengan wae. Ngombene ana gubug kae…” wangsulane simboke karo nerusake anggone tandur sing wus oleh separo pathok.
Rampung kabeh, simboke Parmin ndhisiki ninggalke sawah dikinthil Parmin karo nyangking ceret sing wis ora isi wedang.
Simboke nggendhong cething sing uga wis kothong, isine gawan saka ngomah wis gusis..
Tekan omah simboke Parmin kaget setengah mati jalaran omahe kebak wong, tuwa enom, ana uga bocah cilik barakane Parmin anake.
Mlebu pekarangan, simboke Parmin dipethukake wong lanang setengah tuwa karo wong wedok sing nembe ngandhut.
“Nyuwun ngapunten, Bu. Kula damel kaget panjenengan.”
“Nggih…inggih…wonten napa?…Kadospundi Pak…?” wangsulane simboke Parmin karo isih ngewel sikile.
Ngerti omahe kebak uwong lan simboke omong-omong karo wong lanang sing durung dingerteni Parmin katut kaweden.
Cengkelak Parmin bali mlayu marani bapake ana sawah sing adohe udakara setengah kilo.
“Ana apa Le?” pitakone bapake ora sabar.
Parmin durung mangsuli isih menggeh-menggeh karo tudang-tuding, nudingi prenah omahe.
“Ana apa?” Bapake mbaleni takon karo ngoyog-oyog awake Parmin.
“Omah akeh uwong Pak,” kandhane Parmin karo nuding omah.
“Wah cilaka yen sing teka tentara Landa…wonge putih dhuwur nggawa bedhil apa ireng cilik kaya Bapak?” pitakone Bapake.
Parmin ora mangsuli, mung gedheg karo bikut ngusapi kringet ing raine.
Nalika meruhi omahe ora ana kedadeyan apa-apa kejaba katon sawenehing pawongan sing dikenal ing plataran, atine nyicil ayem.
Luwih-luwih nalika tekan pekarangan omah wis dipethukake bojone karo wong lanang setengah tuwa mesem sumeh ngulungake tangan, tetepungan.
“Pangapunten, Pak. Kula ndamel kaget…kula sagotrah niki keplayu ngungsi. Kitha wiwit dalu sampun direbut tentara Landa.
Para pejuwang mundur dhateng dhusun ngracik rancangan kangge nglawan kanthi gerilya.
Amargi kahanan kitha mbebayani tumrap ingkang mboten purun ndherek Landa, kula dipunprayogakaken kalih para pejuwang supados nyingkir ngungsi.
Wilujeng kula sagotrah saget dumugi ngriki dipunkancani kalih tentara pejuwang ingkang memba-memba among tani.”
Mangkono kurang luwih anggone menehi katrangan pawongan setengah tuwa iku.
Mangerteni dhodhok selehe kahanan sakala polatane Bapake Parmin byar padhang.
Simboke Parmin tanggap, enggal nggodhog wedang lan ngglepung gaplek kanggo nyuguh tamune cacah wolu sing dipesthekake kaluwen.
Wong cacah wolu mau Pak Budiono sekaliyan garwa sing nembe ngandhut tuwa, putrane telu lanang loro wadon siji.
Dene sing loro maneh tanggane Pak Budiono sing melu ngungsi jalaran wis ora duwe kulawarga.
Sanadyan wong desa Bapake Parmin sithik-sithik uga ngerti menawa negara lagi kena prahara.
Landa kepingin mbaleni nguwasani Ibu Pertiwi sing nuwuhake bebanten guguring pahlawan kusumaning bangsa.
Yen tentara pejuwang meh saben dina ana sing tekan desane nanging njujug kalurahan sing pancen didadekake markas pejuwang awit eguh pratikele Pak Lurah.
Mundhak dina kahanan ora tambah aman nanging sansaya gawat.
Tentara pejuwang sing nembe teka ora suwe ana kalurahan, nanging terus bablas mlebu alas utawa nyingkir ana padhukuhan sing mencil kang manut petung sengara dingerteni Landa.
Thiwul sing wis mateng ditumplak ana beri blek bunder kembangan abang, methuthuk kaya gunung kebul-kebul amarga didang ana kukusan.
Gula jawa sing diiris cilik pating templek ngubengi gunung thiwul ngganda sumub.
Ora lali parutan klapa sing wis dicampur uyah sethithik disandhingake. Piring sing ora tau dienggo ditokake supaya tamune padha karenan atine. Dhasar luwe, kathik tangkep sarta pangrengkuhe marang tamune katon tulus grapyak sumanak, sedhela wae suguhane kari separo.
Nanging atine simboke Parmin dadi nelangsa nalika anake wedok tamune sing cilik dhewe nangis ora gelem thiwul, njaluk mangan sega.
Kamangka dina kuwi ora duwe beras babar blas.
Bapake Parmin aweh sasmita bojone karo nudingi omahe Lik Wira, tanggane, supaya nyilih beras saentuke, yen ora duwe golek silihan liya.
“Min, Parmin, kadingaren isih awan ngene wis santai.
Entek pa karake?”
Parmin kaget. Swara sing diapali iku nggliwarake pikirane sing nembe nglambrang puluhan tahun kepungkur nalika dheweke isih cilik nyusul simboke lan bapake yen lagi nggarap sawah.
Ya ing pojok dalan iki dheweke ajeg dolanan nunggoni wong tuwane.Bedane sawah-sawah ing pojok desa saiki wis malih dadi pasar modhern, pasar swalayan.
“Min,dijak omong kok malah njublek kaya wong bingung.”
“Ora. Aku ki nembe kesel bubar ngeterake karak ing warung-warung langganan.
Lha kok ana warung wong rame ngrembug jare bronjong ora kena ngambah dalan kutha.
Jarene ngganggu tetumpakan liya,”celathune Parmin.
“Sing kandha sapa?”
“Ya kanca-kanca bakul sing bronjonge nangkring ana sepeda montor. Mbok coba tulung Kang, kowe sing nyambut gawe ana kecamatan golekna katrangan sing cetha.
Yen kabar kuwi tenan modar panganku. Golek pangan nyetori karak nganggo bronjong kaya aku ngene iki bakal kapitunan yen bab iki bener, aku iki nganti kondhang diundhang Min Bronjong, ya ra Kang?”
“Percaya aku.”
“Aku iku mau lagi thenger-thenger leren nggagas kabar bab larangan bronjong numpang sepeda montor.
Lho kok ora kejarak aku kelingan anake Pak Budiono sing jaman perang ngungsi kae lo Kang. Eling ra?
Anake sing mbarep lanang kabare saiki dadi pejabat penting ing Jakarta. Sing nomer loro dadi pengusaha sukses, dene nomor telu, wadon, sing ora doyan thiwul nalika ngungsi kae, saiki dadi garwane penggedhe.”
Warna, anake Lik Wira, tanggane Parmin, ora mangsuli, mung manthuk-manthuk.
“Kang, apa anake Pak Budiono ki kelingan desa kene ra ya?”
“Embuh. Mbok wis ra sah nggagas. Ana apa ta? Kon mborong karakmu ngono pa?”
“Ya ora. Apa doyan, ra doyan, wong pejabat sugih.”
“Wis, wis, aku pamit sik, arep mampir nyang kalurahan ngeterne layang saka kabupaten.”
Parmin ora mangsuli mung manthuk.
Dheweke isih lungguh nyawang tilas sawah sing dadi papan dolanane jaman cilike, banjur genti nyawang bronjong lan sepeda montor kridhitan sing wis buthuk.

::Dening: A Soetarno::
Kapethik saking : Jagad Jawa – Solopos
http://www.solopos.co.id

Tinggalkan komentar

Belum ada komentar.

Comments RSS TrackBack Identifier URI

Tinggalkan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s