BAKUL DHAWET NYALAWADI

Sinuwun Sultan Agung iku ratu ing Mataram. Sang Prabu banget gethinge marang penjajah Kumpeni. Panjenengane kagungan cita-cita anggayuh negara mardika. Sranane kudu ditundhung lunga saka bumi Nusantara. Supaya kuwawa nundhung penjajah, kabeh kawula manunggal. Mulane Sinuwun karem lelana njajah desa, prelune ngajak bersatu marang kawulane. Sinuwun kepareng ngimpun bala.

Ing sawijining dina Sang Prabu kapereng tindak lelana marang kadipaten Penggung. Sawise mepak bala, banjur budhal. Prajurite saperangan dhedharatan, seperangan nitih turangga. Prajurit kang nderekake akeh banget. Bareng tindake wus kemrubut teka lunga. Barang disetitekake jebul wong-wong padha tuku dhawet. Bakule dhawet wong lanang, tur wis rada tuwa. Kang dadi gumune Sinuwun, wong tuku kemrubut mau ora ana kang mbayar siji-sijiya.

Ngendikane sinuwun sajroning batin: “Nyalawadi temen bakul dhawet iki. Kemrubut kang padha tuku kok ora ana kang mbayar. Upama padha utang, mangsa kabeh.” Saking kepengine priksa, sinuwun andangu marang si bakul dhawet mau.

“Pak, sampeyan sadeyan punapa ?”, pandangune Sinuwun.
“Sadeyan dhawet gusti”, wangsulane si bakul.
“Dhawete digawe saka apa, pak ?”
“Chendhil kadamel saking pati aren, santen klapa kacolok sarem gendhis Jawi”, ature si bakul.
“Wong-wong iki padha jajan kok ora bayar. Apa padha utang ?”
“Mboten sinuwun, pancen sengadi kula sukakaken, boten susah mbayar. Namung punika saged kula dedana dhateng sesami”, wangsulane si bakul dhawet. ”
“Wayah apa kukutmu bakul dhawet ?”
“Inggih mangke menawi boten wonten ingkang tumbas.””Pak, sapa jenengmu lan ngendi omahmu ?” Pandangune Sinuwun kanthi sareh. “Griya kula ngrika sinuwun, ing dhusun Walen. Dene ingkang sudi mastani, kula pun Kasanrejo.”
“Yen ngono aku tuduhna daleme Kyai Singaprana. Nanging amarga wektune wis rada sore, ora prayoga yen aku njujug daleme, Mula aku nginep ing ngomahmu. Kepriye ?”
“Sanget ing syukur kula menawi sinuwun kersa lerem ing wisma kula.”
“Yen ngono aku banget matur nuwun. Mula aku dak dhawuh marang prajurit, kareben padha tata-tata.”
Sang Prabu banjur dhawuh marang para prajurite nuju marang desa Walen prelu lerem. Dene si Bakul dhawet banjur mulih.
Kacarita, bebasan mung sakedheping netra, Kasanrejo wis tekan ing ngomahe.
Tumbenge marang bojone:
“Mbokne, arep ana tamu agung. Mara gage enggal nggodhoga wedang kanggo nyuguh ngurmati tamune !”
“Adhuh pakne, dinten niki kula boten gadhah punapa-punapa. Lha mangke wedange rak kendel, boten onten kancane”, wangsulane Nyi Kasansejo.
“Ya mengko gampang. Kancane wedang (nyamikan) mengko rak teka dhewe”, kandhane si Kasanrejo.
“Inggih ta nek ngoten”, wangsulane bojone.

Ngarepake maghrib, sinuwun sabalane wis teka ana ing Walen. Sepira kagete, bareng tekan kono wis dipapagake karo Kasanrejo. Mangka mesthine kudu luwih keri tekane. Pak kasanrejo mung mlaku, mangka prajurit Mataram padha numpak jaran “Aneh. Nyalawadi”, batine para prajurit.

“Mangga sinuwun, inggih punika gubug kula. Mangga sami kepareng pinarak”, ature Pak Kasanrejo.
Sinuwun Sultan Agung gumun sajroning penggalih. Omahe Pak Kasanrejo mung cilik. Prajurite Sultan pirang-pirang puluh. Apa ya amot ? mula kawiyos pangandikane :
“Lho, omahmu mung cilik, mangka prajuritku semene akehe. Kok kon mlebu ngomah, apa ya cukup. Yen jaran-jarane ben ana jaba. Lha wonge ?”
“Namung tiyang semanten kemawon kok boten cekap. Saking kersane Gusti Allah, mangke rak cekap. Kapalipun kacancanga ing kilen griya ngriku kemawon”, ature ki Kasan. Sinuwun Sultan Agung kapeksa mlebu ing ngomah, ditutake saprajurite. Kaya apa gawoke penggalihe sapendhereke. Kabeh wis kamplung. Malah kepara nggone isih ngodhag-odhag saking jembare. Ora antara suwe banjur metu suguhan, unjukan sasta nyamikan. Nyamikane warna-warna. Ana pala kependhem, kaya ta: kimpul, enthik, pohung, tela, uwi, lan mbili, lan sabangsane. Ana maneh nyamikan weton kutha, kang ing desa durung tau ana, akehe ora lumrah. Gek pangan semene akehe kutha, kang ing desa durung tau ana. Akehe ora lumrah. Gek pangan semene akehe lan warna-warna kaya ngene iki wayah apa anggone nyawisake. Mangkone ngungune Sinuwun Sultan saprajurite. Saweneh mung padha pandeng-pandengan nelakake gumune. Apa maneh barang metu suguhan dhahar bengi. Sega pari wulu putih memplak. Lawuhe iwak sawarnane iwak. Anak iwak kali: lele, kutuk, badher, welut lan sabangsane. Ana daging sapi, kebo, wedhus diempal. Ana iwak pitik. Sotone babarpisan ora kari. Saya nggumunake maneh, kabeh iku saben dijupuk bali isi maneh. Mula dipangan wong semono akehe ya ora bakal kurang. Ing batin Sinuwun ngendika: “Aneh ! Nyalawadi ! Ki Kasan iki pancen dudu sabaene wong, pinunjul. Sapa sajatine Ki Kasanrejo iki ? Aku kepingin ngreti, Aku kudu bisa miyak wewadi iki.” Mangkono batine Sinuwun.
Wancine wis lingsir wengi. Kabeh prajurit wis padha turu kepati. Sinuwun Sultan ora bisa sare, jalaran menggalih keanehan-keanehan kang diweningi. Panjenengan sengadi ora sare, kepengen minyak wewadi iki. Ki Kasan ya durung turu. Dheweke ora wani turu ndisiki Ratune. Wong loro pandeng-pandengan sawetara, nuli padha kasengsem ing pacalathon.

Sinuwun Sultan : “Ki Kasan ! Aja dadi runtik lan gelaning atimu, aku kepengin sumurup kaanan iki.”
Ki Kasan : “Nuwun inggih, boten Gusti. Paduka mundhut priksa punika limrah. Mila mangga kula aturi paring pandangon.”
Sinuwun Sultan : “Aku gumun trekahmu, wiwit saka olehmu adol dhawet tumekaning wektu iki.

Dhawet kok obralake, ora maurih ijol senajan mung sak regane cendhol. Kaladuking nalarku, kowe iku sumugih. Mangka nyatane ya mung kaya ngene kahananmu.”
Ki Kasan : “Gusti, tiyang sedhekah punika bebasan anenamem. Sinten nanem mesthi badhe ngundhuh. Nanem sae ngundhuh sae, nanem awon ngunduh awon.
Pangeran sampun paring dhawuh, sedhekah punika badhe kawales ing donya lan ing akherat. Sauger katindakaken kanthi eklas.”
Sultan Agung : “Ya, bener aturmu. Dakterusake, lakumu nalika bali saka panggonanmu dodol tekaning omahmu iki, rikat banget, nganthi ngalahake playuning jaran. Iki apa orang mujudake bab kang aneh ?”
Ki Kasan : “Pangeran punika asipat Maha Kuwaos. Pangeran asipat manawi kagunungan karsa boten wonten ingkang kuwawi menggak lan ngalang-ngalangi. Pangeran angijabahi panyuwunipun titah. Dhasar kula namung nyuwun dhumateng Pangeran, Pangeran angijabahi.”
Sultan Agung : “Bener, aku ya wis ndungkap.
Omahmu cilik yen disawang, jebul aku saprajuritku bisa mlebu langka yenta tiniruwa janma walaka. Kang mangkono, aku darbe pangira yen sira iku dudu janma walaka. Mula Ki, mara gage waleha, sira iku satemene sapa?”

Ki Kasan nampa pitakonan kang kaya mangkono mung thenger-thenger, rekasa anggone arep mangsuli. Peputoning atine, mula bakal waleh sapa satemen dheweke. Karo maneh rumangsa luput yenta nganti ora waleh karo ratu gustine. Mula banjur waleh.
Ki Kasan : “Nuwun sewu Gusti, mugi den agung pangaksama Paduka. Saestunipun kula punika inggih pawongan ingkang paduka padosi. Kula punika Ki Singaprana.”
Bareng waleh yen Ki Kasan iku sejatine ya Ki Sangaprana, plong penggalihe. Panjenengane wus bisa miyak wewadi kang nyalawadi, bisa mbedhek cangkrimane. Sakala Sang Sultan banjur salin salaga, ora rumangsa ngadhepi kawula cilik lumrah. Panjenengane rumangsa angadhepi kekasihing Allah sekabaue Rasul, kawiyos pandandikane mangkene:

Sultan Agung : “Tebih-tebih inggih namung panjenengan Kyai ingkang kula upadi. Samangke sampun kepanggih.”
Singaprana : “Paduka karaya-karaya madosi kawula, wonten kepareng Paduka punapa. Mugi kawula kaparingana wangsulan.”
Sultan Agung : “Mekaten Kyai. Mesthinipun panjenengan sapemanggih kaliyan kula. Kula boten mentala ningali nasibipun kawula ing tanah Jawi. Kawula sami sangsara jalaran katindhes dening penjajah Kumpeni. Sagedipun uwal saking kasangsayan, inggih penjahat kedah dipuntundhung saking Tanah Jawi. Lha, nundhung penjajah kumpeni punika ingkang awrat lan rekaos, mbetahake kekiyatan ingkang kangkung. Kekiyatan punika wujudipun persatuan lan kesatuanipun para kawula punika piyambak. Para kawula saged bersatu manunggal, kedah dipunesuhi dening sesepuh ingkang tanggon. Punika prelunipun kula mider-mider, saperlu ngupados bala kangge anjongkeng penjajah Kumpeni saking tanah Jawi. Kados pundi pamanggih panjenengan?”

Ki Singaprana : “Kawula sanget nayogyane gegayuhan paduka. Kula siyaga ambyantu budidaya Njeng Sultan anundhung penjajah Kumpeni saking Tanah Jawi. Salajengipun kula nyandhong dhawuhipun Njeng Sultan.”
Sultan Agung : “Syukur matur nuwun. Kyai kepareng bebantu dhateng kula. Samangke borong anggen panjenengan ngimpun bala kangge anjongkeng penjajah Kumpeni. Bab punika sampun ngantos kadenangan dening Kumpeni sarowangipun.”
Ki Singaprana : “Inggih, mugi-mugi Pangeran ngayomi lan ngijabani gegayuhan utami punika.”
Sultan Agung : “Sareng kapreluan kula sampun kadumugen lan sampun cekap, mila benjing bakda subuh, kula nyuwun pamit, wangsul dhateng Mataram.”
Wiwit wektu kuwi ratu lan ngulama manunggal mandhegani kawula angjongkeng penjajah Kumpeni.

Sinuwun Sultan Agung kondur bali marang Mataram sawadya balanipun. Dene Kyai Singaprana lajeng ngimpun kawula, nggembleng lan paring kekiyatan dhateng kalula ing padhusunan. Sadaya siswanipun sami kadadosaken esuhing para tamtama sukarela anundhung penjajah saking bumi tanah Jawi.

Tinggalkan komentar

Belum ada komentar.

Comments RSS TrackBack Identifier URI

Tinggalkan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s