Aja Dumeh

Jenenge Wasis Narima. Dheweke kancaku neng Sekolah Menengah Umum, Bocahe jail methakil, manggan mara tangan. Yen ora kebeneran sithik bae karo kancane, plek, tangane maju nyampluk kancane. Apa-apa kudu menang. Sikep lan tumindake marang kancane kaya marangabdine wae.

Sariman bocah yatim piatu. Bapak lan emboke ngajal nalika Sariman isih cilik. bapak lan semboke tabrakan nalika tindakan neng semarang. Nalika iku Sariman umur 7 taun. Sariman banjur diopeni tanggane. Dheweke ngrumangsane nasibe. saben jam papat esuk wis tangi. sawise sholat subuh ing langgar, nyaponi latar. Resik latare banjur ngiringake kebone ndarane diengon.wanci jam 09.00 kebone diguyang terus dikandhangake.Bubar sarapan saanane,banjur nyandak kranjang nyengkelit arit. Dheweke ngarit suket kanggo makani kebone wayanh awan lan bengine.

Sariman duwe kareman kang beda karo kancane. Saben bubar shalat maghribora terus mulih. Tetep ana langgar perlu ngrungokake kancane padha ngaji. Bubar jamaah ngisak lagi mulih. tekan ngomah ora terus turu, nyandinganake bendarane anggone sinau.
sariman wis lola rong taunlawase. Dheweke matur bendarane yen kepengen sekolah kaya kanca-kancane. Amarga wis rong taun dheweke nganggur ora nerusake sekolah. Sing didhereki marengake. Sariman seneng banget atine, saiki sariman wis sekolah. Najan mengkono, gaweyan saben dinane ora kether. Kang didhereki sansaya rena penggalihe. sariman dadi pangalembanane tangga teparone. Akeh kang padha welas marang dheweke. Yen esuk sekolah, wanci awan ngarit kanggo kewane. Sore angon kebone. Yen bengi nyinau wulangan sekolahe. Katandhing karo kanca-kancane. Sariman pinter dhewe. gurune bangeting asihe.

Ngreteni kaanane Sariman mangkono kuwi, wasisora seneng atine. Yen ora tinunggonan kanca liyane, sariman diladaki, sok-sok ditaboki barang. Unine nyerik-nyerikake. Yen ngarani lan moyoki sariman, endi sing jare anak kere, ora duwepak embok, batur lan liya-liyane. Sariman mung meneng, ora males, ora mangsuli. Kabeh mau ditampa kanthi jembaring dhadane. Chiptane mung nalangsa lan dhepe-dhepe marang Gusti Allah. dongane: muga-muga Allah maringi eling marang Wasis lan kancane.

Wasis, wong tuwane sugih ngluwihi tangga-tanggane. Sipate aaleman, rumangsa onjo dhewe. Ora rumangsa dikalahi, malah sangsaya ndadra. Didukani pak guru barang, ora kendho, ora mendha. Mula kanca-kancane nglumuhi. Wulangane kether ora disinau. Yen ulangan pol-pole njiplaklan nurun sandinge. Kancane cukup dijajakake. Yen kancane ora oleh dituruni, diancem arep ditaboki.

Sepuluh taun wis mungkur.Aku pinuju dolan menyang omehe kancaku ing desa Wanawatu. kabeneran omahe kancaku mau caket karo SMA N 1 Wanawatu. Nalika aku noleh nyawang sekolahan, panyangku tempuk marang panyawange sawijining pak guru marang aku. Aku kami tenggengen, sadhela ora bisa ngucap. Aku rumangsa wis tau ngerti wong kuwi. Ana ngendi lan sapa sajatine wong kuwi, aku durung kelingan. Ndadak pak guru banjur mbengok. Em Susila ! Dheweke mlayoni aku, ya mlayoni dheweke. Grapyuk, Aku lan dheweke rangkulan. Jebul pak guru kuwi mau ya Sariman kancaku sekolah mbiyen. Saiki cekel gawe dadi guru SMA ing Wanawatu. “Kepriye kabare kanca-kanca, Sus?”, pitakone. “Aku ora tau kepethuk. Mung kabare jarene saiki rekasa uripe. Bandhane wong tuwane amblas, jalaran kobongan. dheweke ora bisa nutugake sekolahe, mung tammat SMA. Wis ben Man, wong pokale dhewe.”

“ah, mesakake”, celathune lirih.
“Kapan wiwitmu dadi guru ?” pitakonku.
“Aku iki lagi ajar mulang, alhamdulillah aku bisa nerusake kuliah”, wangsulane.
Bel mlebu wis muni, tandha ulangan diwiwiti. Mandeg semene patemonku karo Sariman kancaku.
“Muga-muga gusti Allah methukake maneh ya Sus.”
“Muga-muga, Amiin”, wangsulanku mungkasi.

Wolak-walike jaman. Rodha kuwi mubeng. Kaanan ora ajeg. Mula aja dumeh.
Patemonku karo Sariman nabet banget ing atiku. Aku kelingan jaman kang uwis. E, muga-muga lelakon iki dadiya kaca benggala.

Tinggalkan komentar

Belum ada komentar.

Comments RSS TrackBack Identifier URI

Tinggalkan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s