KATHOK KODHOK

KATHOK KODHOK
Dening Tangkisan Letug
(cerkakgeguritan.blogspot.com)

Ponakanku sing cilik dhewe lagi nangis. Tangise ora kaya biyasane. Iki gawe jengkele ibune sing lagi sibuk nyiapake mulang.Bojone durung mulih saka nyambut gawe. Dene anak-anake liyane wis padha mlebu neng kamare dhewe-dhewe, njekut sinau nyiapake ujian komprehensif.

“Kang Letug, tulung ya, dijaga anakku iki.Dineng-nengi ben ora ngganggu. Aku jan lagi buneg tenan lho.” Panjaluke adhiku wadon iki.

“Ya, dak neng-nengane.” Aku banjur mlaku nyedhaki ponakanku sing umure durung ana limang taun.

“Udah yah…Mama sedang sibuk tuh. Kan kasihan kalau adik nangis terus..” Aku omong nganggo basa Indonesia.

Pancen bocah jaman saiki basa jawa sing alus ora padha ngerti. Mulane ing kulawargane adhiku, basa padinane campur. Malah luwih akeh padha nganggo basa Indonesia. Rasane lucu yen aku nyoba nganggo basa jawa sing alus. Bocah-bocahe padha ora seneng. Banjur miwiti nganggo basa Indonesia.
Bocah-bocah uga wis ora nyebut rama utawa ibu marang wongtuwane, nanging wis migunakake tembung Papa utawa Mama.

“Kenapa menangis terus Teta? Apa karena dinakali Mama?”

“We…weeee… Teta mau dibelikan baju baru …we…wee..” Teta jenenge ponakanku mau, kepengin ditukokake klambi anyar. Mbok menawa bapak ibune mung durung sempat wae.

“Besok Pak Dhe belikan ya…mau enggak?”

Krungu jawabanku mau, dheweke banjur ketok lega. Ngusap luh neng pipine, senajan ta isih mimbik-mimbik manja banget.

“Besok Pak Dhe belikan yang namanya celana kodok ya?
Tahu enggak kamu?”

Jawabane ponakanku mung gedhek-gedhek. Ora ngerti apa kuwi sing jenenge kathok kodhok. Kamangka dhek jaman cilikanku, kathok kodhok kuwi istimewa banget. Saben bocah yen krungu tembung kathok kodhok bisa banjur senenge ora mekakat. Kathok kodhok dadi favorite bocah-bocah. Mergane yen dienggo anget tur ora mlotrak-mlotrok.

Aku banjur crita marang ponakanku ngenani kathok kodhok kuwi. Sawatara crita bab kathok kodhok, pikiranku kelingan dhek jaman semana aku duwe kathok kodhok sing anyar. Aku dolanan ingkling karo kanca-kancaku neng ngomah. Nanging, blaik, ing tengah-tengahe dolanan ingkling, aku ngebrok (ngising neng kathok). Suara pret….
preet…. preeet…. banjur ambune wah…jan ora karuwan! Kanca-kancaku banjur padha bengok alok: “Oeeee, Letug ngebrok! Letug ngebrok!” Mboko siji kanca-kancaku padha mlayu nyingkiri aku karo nutup irunge.

Aku mung bisa nangis nggugug ditinggal kanca-kancaku. Aku nangis merga kathok kodhokku sing anyar dadi reged kena abyuran saka wetengku. Ora let suwe, nanging, sing nyedhaki aku ora liya ya ibuku. Aku ora dinesoni. Ibuku malah mung gumujeng. Aku banjur dicandhak digawa menyang wc.

Ibuku ora wegah ngresiki regedanku. Ibuku ora wegah nyedhaki ambune regedanku. Ibuku ora wegah nyandhak awakku lan nyawiki aku. Ibuku ora duka weruh kathok kodhok anyarku dadi reged. Lan aku banjur meneng anggonku nangis. Aku mandeng ibu sing isih gumujeng lan gawe tentreme atiku.

Kelingan pengalaman mau, aku mung bisa ngguyu dhewe. Kathok kodhokku sing anyar wis reged lan mambu. Nanging aku bisa nemu gumuyune ibu sing ora ilang saka rasaku.
Yen ing kulawarga isih ana ibu sing bisa gumuyu, ngresiki reregedaning anak, sepira begjane wong neng alam donya yen akeh sing isih padha bisa gumuyu uga ngresiki reregeding urip bebrayan.

Katrangan:
Waoasan wonten ngigil menika kagolong waosan narasi jinis sugestif.
Amargi waosan menika wonten amanat ingkang tersirat wonten carita.

Tinggalkan komentar

Belum ada komentar.

Comments RSS TrackBack Identifier URI

Tinggalkan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s