Cerkak TULUS GE-TE-TE

TULUS GE-TE-TE

Crita Cekake Bonari Nabonenar

Amplop dhines iku age-age dibukak. Wis ora sranta olehe pengin weruh piye isine. Pancen wis suwe olehe ngenteni. Suwe, yen dietung saka olehe melu testing sing pungkasan. Lan dadi suwe banget, olehe ngenteni iku, yen ngetunge wiwit sepisanan dheweke dhaptar lan melu testing. Wis ping pitu. Tegese, wis pitung taun. Wis ping pitu Tulus ditulak, yen sing keri dhewe iki mengko asile padha karo sadurunge.

Ping pitu tenan. Tulus meh ora isa unjal ambegan. Dhadhane sesak, ngampet emosi. Ukara-ukara ing lembaran layang dhines iku krasa nyampluki pulung atine. Perih. Perih banget rasane. Untunge dheweke wis cukup pengalaman ngampet rasa perih ngono iku. Wis ping pitu!

Wis wolung taun mlaku iki statuse Tulus ora owah-owah. Pangah ge-te-te wae. Ge-te-te, alias guru tidak tetap. Ge-te-te ing es-em-a Nanggungan. Iku ateges status liyane, olehe isih njaka, ora bakal enggal owah, jalaran jroning batin Tulus wis setengah prasetya yen ora bakal rabi-rabi sadurunge diangkat. Mangka, Stutik, pacangane, wis bola-bali ndheseg.

“Wis, ta, Mas, ndang wae. Ngenteni diangkate, ya yen ndang diangkat!”

“Jan-jane aku dhewe ya miir ngono. Lha, ning, mengko bocah-bocah dipakani apa?”

“Ah, gene pitik kae mung bandha ceker wae ya ora nganti kaliren.”

“Pitik rak butuhe mung mangan. Beda karo menungsa.”

“Witikna, yen mundur-mundur terus, mengko yen awake dhewe wis thuyuk-thuyuk terus bocah-bocah isih cilik-cilik, apa ora malah mesakake?”

“Kok mikir sing durung ana. Lha, wong mikir awake dhewe wae ra mesthi tepung ngene, kok!”

“Sampeyan ki kok olehe pesimis. Mengko aku takkursus salon. Neng kene lagi Mbak Lilik sing adeg salon. Aku wis optimis yen langgananku mengko bakal akeh.”

“Ya, yen ngono ndang kursusa wae dhisik. Prekara rabi dipikir yen olehmu kursus wis rampung.”

Astutik sida kursus tenan. Tulus dhewe ya saya nyrempoeng olehe usaha amrih ketampane. Nglumpukake dhuwit, nglumpukake pandonga sakawong tuwa, sanak kadang, lan wong-wong sing gedhe rasa preduline. Uga, golek sisik-melik ngendi ana sing bisa aweh trabasan amrih gelise ketampa. Keblithuk? Wos, wis ra ketung. Ning, Tulius ya ora kapok-kapok. Dianggep kalah main, senajan, saya suwe sajake kaya nututi gedebog keli!

Ana kancane sing mrayogakake supaya dheweke pindhah profesi wae. Mangka profesi guru kuwi wis dadi gegayuhane wiwit dheweke ajar ngulur gegauhan. Mula biyen dheweke mlebu es-pe-ge sarampunge es-em-pe. Ketampa neng es-pe-ge swasta wae, senenge ora jamak. Gegayuhane saya mulur nalika entuk kalonggaran mlebu nyang perguruan tinggi, ora ketang perguruan tinggi swasta. IKIP swasta. E, tibake mung neng es-de Tulus ngrasakake sekolahan negeri. Pancen nasipe Tulus.

Pas dheweke lulus saka es-pe-ge, rejekine wong tuwane lagi kededel dening panen cengkeh. Emane, wangine kembang cengkeh nalika kuwi ora umur dawa. Jalaran, sawise Tulus kasil nglungguhi bangku perguruan tinggi, rega kembang cengkeh selot mlorot, mudhun, nganti mupus semangate para kadang tani ing padesan. BPPC (Badan Penyangga Perdagangan Cengkeh) sing wektu kuwi didegake kanggo nulung para petani cengkeh tibake malah ngorat-arit pasar.

Adhi-adhine Tulus sing cacahe papat kuwi wusanane kudu mung trima sekolah tekan es-em-a. Iku wae wis ngaya. Lha, Tulus dhewe wae, upama ora kadhung mlebu ngono ya mbuh-mbuhan. Yen Tulus bisa metu lulus iku wis beja banget. Hm. Mlebune gampang, metune kangelan. Sawise metu saka IKIP, golek gaweyan rekasane ya ora jamak!

Bakate Tulus pancen dadi guru. Prekara olehe wis wolung tahun mlaku isih panggah dadi ge-te-te, iku rak urusane nasip. Ning bakate pancen ya dadi guru kuwi. Murid-muride padha seneng. Seneng wulangane, seneng gurune, seneng Tulus-e. Embuh wis ping pira Tulus entuk layang tresna saka muride, klebu saka Astutik sing saiki resmi dadi bakal caon bojone iku!

Ana sing luwih gawe mongkoge atine Tulus, yaiku akeh muride sing nerusake nyang perguruan tinggi, milih jurusan sing padha karo sing diwulangake Tulus.

Yen ngelingi iku rasa mongkoge Tulus bisa ngluwihi kanca-kancane sing wis padha diangkat, wis duwe NIP, wis duwe sragam korpri lan sraga, pe-ge-er-i. Ning, angger weruh kancane nganggo sragam korpi utawa sragam pe-ge-er-I, batine Tulus dadi keranta-ranta! Saben-saben dheweke kudu tandatangan kanggo keperluan administrasi, apa yen pas njaga te-ha-be, apa pas ngisi formulir apa-apa ngono. Ajeg, dheweke kudu nyoret utawa menehi tandha setrip ing sawise tulisan NIP utawa sangisore jenenge. Yen wis ngono, perih neng njero batine sangsaya perih. Perih banget!

Prekara sragam luwih merihake maneh. Anger-angger kancane sing wis diangkat nganggo sragam korpri utawa sragam pe-ge-er-i, atine Tulus kaya diiris-iris. Mripate dadi pedhes, batine keranta-ranta. Yen mung prekara tuku klambi sragam wae, mesthine dheweke ya bisa. Apamaneh yen entuk kalonggaran utang saka koperasi sing dheweke durung bisa dadi anggotane kuwi. Ning dheweke isih eling, sadhar, menawa dheweke durung wenang nganggo klambi sragam. Sragam korpri apadene sragam pe-ge-er-i.

Dheweke pancen guru, wong saben dina dheweke ya mulang. Nanging, rak, guru tidak tetap, alias ge-te-te! Mangka Persatuan Guru Tidak Tetap Republik Indonesia (pe-ge-te-te-er-I) ya durung didegake. Durung ana. Dheweke ya pegawe, sing nyambutgawe ing lingkungan Depdikbud. Lha, ning, dheweke rak isih pegawe tidak tetap, honorer, utawa apa waelah istilahe. Lan mesthi wae ya durung klebu korpri. Mangka ya durung ana Korps Pegawai Tidak Tetap Republik Indonesia, sing, upama dibentuk ngono sajake ya ewuh olehe arep nyekak kuwi!

Dumadakan wis jam setengah pitu. Srengenge saya semlenget. Sewengi muput Tulus ora bisa turu. Klisikan terus, sedhela-sedhela alihan, miring ngiwa, miring nengen, mlumah, mengkurep, padha ora kepenake. Merga pikirane pancen lagi ora kepenak! Batine goreh mikirake nasipe.

Srengenge saya mekar. Saya nyengkrek. Mung nasipe Tulus sing isih panggah surem, embuh nganti kapan.

Tulus isih mumet mikirake isine layang kuwi. Munmet banget, merga wis ping pitu dheweke nampa layang kaya ngono kuwi. Dheweke wis niyat arep mbolos dina kuwi. Ning, ujug-ujug Astutik teka, nitipake layange adhine.

“Mas, Titin ora mlebu. Iki layange.”

“Kok ora mlebu?”

“Wiwit tangi turu mau mimisen, ora mampet-mampet.”

“He? Wis dipriksakake nyang dhokteran?”

“Iki isih arep takterake. Nemen, kok, ketoke. Wis disumpeti suruh barang panggah mili wae.”

“Aku wae sing ngeterake!”

“Lho, sampeyan rak wayahe mlebu, ta?”

“Ah, aras-arasen!”

“O, ceklek, ta! Ah, kok lagi saiki, ta, Mas! Batin sampeyan entuk wae protes. Nanging bocah-bocah sing rung ngerti ruwet-rentenge urip kuwi aja didadekake kurban. Bocah-bocah mbutuhake sampeyan. Sampeyan yen ngaku guru, saiki wajibe mulang. Sampeyan kudu mlebu. Rung diangkat wae kok wis ajar kesed. Piye mbesuk dadine?”

Sakal semangate Tulus pulih. Katetangi. Kira-kira dheweke njut kelingan plesetane Taufiq Ismail, “Guru kencing berdiri, murid mengencingi guru!” Mulane dheweke njut tata-tata, age-age budhal.

Digiring srengenge esuk, Tulus nggenjot sepedha onthele. Embuh, Umar Bakri-ne Iwan Fals iku tembang apa tangis. Dadi guru pancen kerep mangan ati. Luwih-luwih yen bayarane kerep disunati. Sing luwih mangan ati maneh, yen dadi guru tidak tetap. Delengen Tulus kuwi, lho, wis wolungtaun mlaku, dadi ge-te-te, ora diangkat-angkat!

Tinggalkan komentar

Belum ada komentar.

Comments RSS TrackBack Identifier URI

Tinggalkan Balasan

Please log in using one of these methods to post your comment:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s