SUTASOMA

Sutasoma putranipun Raja Mahaketu. Panggalihipun suci, bebudayanipun luhur, pangibadhahipun jangkep. Panjenenganipun mboten kersa palakrama, mboten kersa kajumenengaken nata, malah mentar saking kedhaton, minggah Redi Himalaya, tuwin tapa, ngudi kasampurnaning gesang.

Nate dipun kereg raseksa asirah liman badhe kamangsa. Nanging dawanipun sor prabawa. Naga galak ingkang sumedya adu tiwas nggih nungkul. Kekalihipun lajeng sami setya ing panjenengan lan saha aprasetya boten badhe damel pepejah malih dhateng sesamining gesang.

Ing salabeting jurang wonten sima kaliren, badhe mangsa gogoripun. Kamangka kedahipun malah nesepi. Sutasoma priksa, mandhap, menggak, tuwin paring dawuh. “He, aja! Aku bae mangsanen!” Sakala sima nubruk. Sutasoma kecokot jajanipun, kaisep ludiranipun, ngantos tuntas, temahan seda. Sima marem, lajeng nglemprak sasekecanipun.

Dangu-dangu thenger-thenger, emut menawi mentas damel pepejah. Mripatipun kaca-kaca kaliyan mengseg-mengseg nggentuni tumindhakipun. Tumunten nglosot ndedangan ing kunarpanipun Sutasoma. Mawantu-wantu panangisipun, Mawantu-wantu nawung kuduwung, ngatos seseg meh kapedhotan napas.

Bathara Indra tumurun ing marcapada nggesangaken Sutasoma. Sutasoma wilujeng waluya jati, unjuk atur, “Dhuh, pakulun, punopo dene amba paduka gesangaken, jer amba sampum rumaos tentrem manggih kamulyan ing alam sanes. Paduka punika lepat, dene ngungkih kamulyan kula. “ Bathara Indra ririh anyauri, “ Sumurupa, kulup, yen sira sira ora ingsun waluyakake, jeneng tanpa pituwas kabecikanira. Amargo si macan mesthi tanpa kendhat panangis serta keduwunge. Ora wurung ngenes ngati tumukaning pati. Dene samangsa biyunge mati, gogore tan wurunga iya mati. “Bathara Indra nunten musna.

Sareng kamanah-manah leres, Sutasoma inggih nampi sabda pangandhikanipun Bathara Indra.

Sutasoma nglajengaken anggenipun mesu brata, meper, miwah ngikis angkara murka, ngungsed karaharjaning batos, mulung ing kasampurnan adi.

Sasampunipun kasidan ing sedya, kondur angedhaton, tumunten palakrama, saweg kersa jumeneng nata.

 

WEJANGANIPUN SANG KAPIWARA DHUMATENG ARYA BIMASENA

Nalika Arya Bimasena ngupadosi sedherekipun inggih Arjuna, dumugi ing Ardi Kendalisada pinanggih kaliyan sang Kapiwara inggih Begawan Anoman, ingkang asmanipun ngebegi jagad awit saking kasudiranipun nalika suwita sang Ramawijaya nglebur nagari Ngalengka, kedhatonipun Prabu Dasamuka. Sasampunipun bage-binage, Aryasena lajeng pitaken, tembungipun.

Kakang Begawan Anoman kabeneran banget ing laku anggonku nggoleki si Arjuna, dene kelantur kongsi tumeka ing padhepokanmu kang tuhu asri ngresepake. Kataman bayu-bayuning padhepokan rasa panggrantesing pikirku sirna banar pisan. Luwih-luwih bareng aku sumurup marang kahananmu kang banget nengsemake. Sumeh lan sumunaring guwayanmu, kakang mratandhani kaluwihanmu. Aruming swaramu bisa nggugah atiku sing maune wus pepes tanpa daya. Pancoronging netramu mimbuhi daya kekuwatanku satemah bisa nyirnakake rasa sayah. Sawise aku sapatemon karo kowe kakang, saiki aku kelingan dedongengane para sepuh nyaritakake lelabuhanmu nalika kowe bebarengan karo Prabu Ramawijaya anggempur nagara Ngalengka lan nyirnakake kliliping bumi. Aku kelingan carita bab kasektenmu, awakmu bisa dadi gedhe sagunung Mahameru. Carita kang kaya mangkono mau banget andadekake pangungunku, banget kepengin ing atiku nedya nyumurupi dhewe. Kakang, kebeneran banget dene dina iki aku antuk nugrahaning Dewa bisa sapatemon karo kowe dhewe, mesthi bakal katurutan pangarep-arepku mau, yen andadekake panujuning atimu. Satemene bareng saiki aku sumurup dhewe wujudmu kang gedhene iya ora kacek akeh karo wujude kethek-kethek lumrah. Mula saya andadekake tidha-tidhaning pikirku anggonku arep ngandel marang dedongengan kang wus dak rungu mau. Ewa dene kakang banget-banget panjalukku, aku coba tuduhna kepriye rekamu, Kakang?

Dupi sang Kapiwara midhanget aturipun sang Bimasena makaten wau, sang Begawan Anoman gumuyu latah kaliyan mingset saking palenggahanipun, pangandikanipun:

Dhuh yayi kadangipun kakang. Dhuh yayi kang sentosa baune, jejeg prakosa berawa pindha pangleburing bumi, mbok wis aja kakehan kang mbok piker ta yayi. Kabeh mau barang wus kapungkur, ora ana paedahe rasakake, tiwas andedawa gagasan. Sanadyan dak-kandhanana yayi, kiraku ora bakal bisa sira percaya, malah kiraku ngerti bae ora, amarga wus beda jamane. Dadi puluh-puluh dak-kandhanana, sira sayekti ora bakal bisa nggagas kanthi permana jalaran wus beda banget larase. Sumurupa yayi, dhek jamanku samana, keclaping cipta iku isih bisa bareng karo laraping kahanan, mula apa bae saciptane dadi, amarga manungsa isih during dadi bandhanganing ciptane, uriping manungsa isi nomor lan Hyang Mahawasesa, mula ing sabarang kahanan iki karegeming dalem pangwasaning manungsa wis kabanjur dadi bandhanganing ciptane, among tansah montang-monting kaereh dening ciptane, mula ora mokal lamun sabarang iya ora tumeka.

 

DHAWUHE PRABU ABIYASA

“ Ngene ya pandu, ala tanpa rupa Drestarastra iku kadangmu. Yen kowe rabi, sepisan bae banjur telu, mangka kakangmu durung. Lha yen nganti kakangmu serik, kasarane kok langkahi, apa ora bakal gawe kosut asmarane kakangmu?”

“ Keparengipun kangjeng Rama?”

“ Upama. Upama ki bisa bali maneh. Upamane kowe tak jaluk rilamu, putri telu kuwi salah siji kok rilakake dadi jodho dhaupe kadangmu, kepriye ?”

Tanpa tidha-tidha raden pandu mangsuli, “ Kula kantun nderek keparengipun Kangjeng Rama.”

“Lahir batin”

“ Inggih !”

Prabu Abiyasa banjur paring pangandika marang Raden Drestarastra, “ Drestarastra!”

“ Kula Rama Prabu.”

“ Pandu duwe boyongan putri telu, during dadi jodho dhaupe. Pandu dhaup seghedhagan telu, mangka kowe iku kakang durung palakrama, ha rak ora prayoga. Pandu ngrilakake putri telu salah siji dadi jodho dhaupmu.”

Drestarasta nanggapi, “Rama pancenipun inggih wonten rasa pakewd ing atasipun kula boten tumandang awrat wekasan kula kedah ngraosaken kanikmatanipun. Bawanipun Rama paring dhawuh kados mekaten, inggih bhade kula lampahi. Kula puru dipundhaupaken kaliyan putri boyonganipun pandu salah setunggal, naginh kula kedah milih, menawi boten angsal milih trimah boten. Kajengipun pandu gadhah garwa, kula dereng. Boten menapa-menapa,, mapan kula kiyambak ngrumaosi bilih kula tiyang cacad netra.”

“Lho, lho, lho aja koyo mengkono. Pandu!”

“wonten dhawoh, Rama.”

“ Destrarasta gelem didhaupake karo putri boyonganmu salah sawiji, nanging cacase kok Drestarastra arep milih, lha apa rela yen putri telu kuwi dipilih dening kakangmu salah siji?”

“ Adhuh, pepundhen kula Rama. Sampun milih kok namung dipun kersaaken setunggal kanthi kapilih, nadyan tiga badhe dipunkersaaken kangmas, kula rela lahir batos.”

“Bagus. Yen ngono kowe matura dhewe marang Destrarastra. Dadi ora lidah sinambung,” Ngendikane prabu abiyasa.

Raden pandu banjur matur marang kadang tuwa. “Kangmas Drestarastra, kula rila lahir batos wanodya tetiga menika kagarwa kangmas Drestarastra. Nanging bilih panjenengan namung ngersakaken setunggal, badhe milih, mangga. Tiga dipunkersa kaken sedaya , mangga.”

“Tenan kuwi, Yayi?”

“Saestu”

“Lair batin?”

“Inggih”

“O, adhiku, Dhi. Yen mangkono ya mung siji bae, ora sah loro telu. Ramah kula nyuwun pangestu, kula milih jodho dhaup kula.”

“Ya, Drestarastra, tak-pangestoni.”

Raden Pandu nuli paring dhawuh marang para putri boypngan. “Kunthi, Madrin, Gendari, kowe kudu gelem dipilih salah siji. Sapa kang dadi panujune karsa, ya kuwi kang dadi jodho dhaupe Kakang mas Drestarastra.”

“Kados pundi Raden? Kala wau kula rak sampun matur bilih kula kedah suwita paduka,” Dewi Gendari datan serujuk, amarga kuwatir yen dipilih.

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.