NDHUDHUK NDHUDHAH AMRIH LESTARINE BUDAYA JAWA ING BAB ADAT TATA CARA PENGANTENAN

Salah sijine adat tata cara pengantenan, yaiku siraman calon penganten. Sakdurunge acara siraman calon penganten putri, sedina sakdurunge, sing duwe gawe wis utusan paraga golek banyu sumber pitu. Sumber pitu utawa tuk pitu mau bisa wujud sendhang utawa sumur, dadi dudu banyu kali.

Sakwise calon penganten putri dibusanani busana siraman, rambute diore, dikanthi mijil saka kamar busana, sungkem caos bekti luwih dhisik marang para sesepuh piniji (putri) kang lenggahe wis ditata sakdurunge, jejer-jejer, urutan sing keri dhewe lenggahe ibu lan ramane calon penganten putrid. Sakwise sungkem pangabekti, calon panganten putri tumuli dikanthi dening rama lan ibune manjing papan pasiraman. Calon penganten putri dilenggahake ing papan siraman kang wis cinawisake. Rama lan ibune banjur nampa banyu sumber pitu saka paraga kang piniji, sabanjure banyu sumber pitu kacampurake ing jembangan kanga rep dienggo siraman. Sakwise banyu dicampur, Dhukun Penganten ngadani para sepuh putri kang piniji mbaka siji nyirami calon penganten, pungkasane rama lan ibune. Rampung siraman nuli nindakake acara pecah pamor. Carane, kendhipratala sing isi banyu, banyune dicurake dening ramane kanggo wudlu tumrap calon penganten putri sing muslim, dene saliyane cukup kanggo raup nganti banyune entek. Yen kendhi wis kothong banjur dicekel bareng dening rama lan ibune, kendhi ditibakake utawa dibanting karo ngucap: “Aku ora mecah kendi, nanging mecah pamore anakku.” Sakwise kendhi pecah, calon penganten putri banjut diandhuki lan dibopong lumebu kamar busana dening rama lan ibune, pepindhane kaya digendhong kanthi kebak rasa tresna asih.

 

SUTASOMA

Sutasoma putranipun Raja Mahaketu. Panggalihipun suci, bebudayanipun luhur, pangibadhahipun jangkep. Panjenenganipun mboten kersa palakrama, mboten kersa kajumenengaken nata, malah mentar saking kedhaton, minggah Redi Himalaya, tuwin tapa, ngudi kasampurnaning gesang.

Nate dipun kereg raseksa asirah liman badhe kamangsa. Nanging dawanipun sor prabawa. Naga galak ingkang sumedya adu tiwas nggih nungkul. Kekalihipun lajeng sami setya ing panjenengan lan saha aprasetya boten badhe damel pepejah malih dhateng sesamining gesang.

Ing salabeting jurang wonten sima kaliren, badhe mangsa gogoripun. Kamangka kedahipun malah nesepi. Sutasoma priksa, mandhap, menggak, tuwin paring dawuh. “He, aja! Aku bae mangsanen!” Sakala sima nubruk. Sutasoma kecokot jajanipun, kaisep ludiranipun, ngantos tuntas, temahan seda. Sima marem, lajeng nglemprak sasekecanipun.

Dangu-dangu thenger-thenger, emut menawi mentas damel pepejah. Mripatipun kaca-kaca kaliyan mengseg-mengseg nggentuni tumindhakipun. Tumunten nglosot ndedangan ing kunarpanipun Sutasoma. Mawantu-wantu panangisipun, Mawantu-wantu nawung kuduwung, ngatos seseg meh kapedhotan napas.

Bathara Indra tumurun ing marcapada nggesangaken Sutasoma. Sutasoma wilujeng waluya jati, unjuk atur, “Dhuh, pakulun, punopo dene amba paduka gesangaken, jer amba sampum rumaos tentrem manggih kamulyan ing alam sanes. Paduka punika lepat, dene ngungkih kamulyan kula. “ Bathara Indra ririh anyauri, “ Sumurupa, kulup, yen sira sira ora ingsun waluyakake, jeneng tanpa pituwas kabecikanira. Amargo si macan mesthi tanpa kendhat panangis serta keduwunge. Ora wurung ngenes ngati tumukaning pati. Dene samangsa biyunge mati, gogore tan wurunga iya mati. “Bathara Indra nunten musna.

Sareng kamanah-manah leres, Sutasoma inggih nampi sabda pangandhikanipun Bathara Indra.

Sutasoma nglajengaken anggenipun mesu brata, meper, miwah ngikis angkara murka, ngungsed karaharjaning batos, mulung ing kasampurnan adi.

Sasampunipun kasidan ing sedya, kondur angedhaton, tumunten palakrama, saweg kersa jumeneng nata.

 

BARU KLINTHING

Gunung Kendhali Sada dadi rame. Rame dadakan merga wong desa cedhak kono padha leren. Wis meh sedina wong-wong padha rame mbebedhag. Rancangan sakawit arep ngreti desa. Yen mbebedhag bisa entuk kewan alas, bakal dienggo slametan. Nanging nyatane kaya wong siyal, Pak  Dhukuh wusanane mandheg ing ngisor wit gedhe.

“Sedulur-sedulur! Becike padha leren dhisik. Yen perlu sanguine didhudhah. Kabeh aja adoh-adoh. Piye?”

“Setuju, setuju”

Kabeh menggok. Dadakan panggonan iku dadi rame. Kabeh padha giyak-giyak. Mangan ngombe, banjur dibacutake ngrokok karo leyeh-leyeh. Dumadakan saka pocuk rada adoh, ana wong bengak-bengok. Kabeh padha nglangak.

“Ngapa? Ngapa?”

Suwarane pating craek. Kabeh nglangak ngawati wong ing ngawe-awe. Dadakan panggonan dadi rame lan wong-wong padha ngrubung.

“Iki-iki delengen!”

“Wuah, ya metu getihe!”

Sing metu getihe iku kaya wit sing ndlosor lemah. Prasasat pada rupane karo lemah, lan atos kaya wit sing kependhem. Saiki kabeh tumandang gawe. Ing sadawane barang sing kaya wit iku ditugel-tugel. Kabeh padha eram. Nyatane iku daging memper ula naga. Kabungahan iku teka dadakan. Mulihe dadi rame. Bersih desa iku sida tenan kanthi pesta kabeh.

Ing tengah-tengah pesta lan padha rame-rame nonton wayang, ana bocah cilik. Bocah mau kluyar-kluyur ing tlatah wong wadon padha masak. Nanging mung ana wong tuwa siji sing welas asih.

“Kowe cah ngendi ta Nang?”

“King tebih kok Mbah!”

Embahe mau ana rasa melas ndeleng rupane banjur awake sing sajak ora mitayani katon ringkih.

“Lha, kowe ngapa rene?”

“Nggih ajeng nedhi sekul. Wong kula sampun dangu mboten nedhi, niku nek angsal.”

Krungu panembunge bocah cacad mau, si embah trenyuh njupuk godhong jati diiseni sega, kuluban, gori, gereh goring. Dijupukae banyu ana ing bathok tilas dicukil.

“Nuwun, nggih Mbah.”

“Iya. Eh, mengko sik, jenengmu sapa?”

“O, nggih. Nami kula Baru Klinthing.”

“Wis kana dipangan ing lesung kana dientekake, ya!”

“Nggih. Nuwun nggih Mbah.”

Wong wadon iku ana rasa melas. Nyawang potongane sajak ora kaya wong lumrah. Dadakan bae bocah mau nyawangi si embah.

“Njing, nek enten napa-napa.”

“Mbok aja ngomong werna-werna, Nang!”

“Niki mung upama mawon. Upamine banjir. Embah sampun kesupen. Numpak lesung niki mawon kalih enthong niki wau sampun kesupen!”

Bubar iku pincuk dibuwang. Lan nyatane sega, saisine sing diwenehake mau wis entek. Kamangka lagi bae digawa. Ing latr cedhak tratrag, kabeh padha giyak-giyak pesta ngrengkuh desa. Mesthine bakal rame entuk iwak akeh. Anggone pesta dirancang tenan. Dumadakan ana bocah cilik-cilik royoman. Baru Klinthing ngadeg ing kono. Kabeh padha nyawang gumun. Banjur bocah-bocah iku rebutan mbedhol sada sing ditancepake.

“Ayo, ayo. Mosok kalah karo bocah kaya ngono.”

“Kene, kene. Cah kere ngono.”

Kabeh bocah wis ora ana sing bias. Baru Klinthing mung meneng bae ora obah, ora mosik. Dumadakan wong-wong tuwa iku kesengsem.

“Ngapa, ngapa?”

“Niku, niku.”

Kabeh padha nyawang Baru Klinthing. Ana rasa gumun. Banjur ana wong siji emoh kalah maju terus njebol sada, nanging ora bias. Baru klinthing mlaku alon. Mripate sing ora pener iku nyawang wong-wong. Sikile sing ora teteh, maju. Tangane loro nyandhak sada. Tanpa tenaga sada didudud. Wong-wong eram. Saka tumancepe sada muncrat banyunye. Sangsaya mencep. Kabeh dadi bingung. Nanging saka kadohan bocah iku wis numpak prau lesung karo embah sing ana pawon. Prau mlaku kanthi kepenak. Banyu sangsaya mencep. Kabeh kerem lan sing katon mung tlaga sing saiki katelah Rawa Pening.

 

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.